CERKAK ( CERITA CEKAK )

Tayub Mbah Jo
Jayus pancen aneh. Nanging dudu Jayus yen ora aneh. Kaya kelakuane sing keri-keri iki. Dheweke daftar penyiar radio. Oleh bageyan ngisi acara “Tayub Mbah Jo”. Wah ya gayeng. Wong pancen ya mumpuni medhar sabda. Sabda apa sing dibedhah? Sabda tayub!
Oleh sewulan anggone dadi penyiar Tayub Mbah Jo, acara kuwi dadi acara idola ing wewengkon Bojanegara. Jam rolas awan nganti jam loro. Pas usume wong-wong padha leren makarya. Jayus laop-laop mbedhah surasane gendhing kang bakal diputer. Kadhang ya ditambah banyolane kang khas. Seger. “Caping nggunung menika nyariosaken salah setunggile pemudha anak negri kang rumiyinipun kesrakat. Tumut berjuang. Manggen teng dhusun-dhusun. Dening tiyang dhusun dipun openi. Sedaya kebetahan pangan dicekapi. Kathik taksih dipun lindhungi nalika manggihi bebaya kanthi diampili caping. Caping ngemu suraos lebet. Saged ugi caping menika kenging dipun artosaken benteng utawi markas tersembunyi. Nanging sareng sampun sekeca, urip mardika, piyambakipun lajeng kesupen kaliyan tiyang dhusun…”
Lha napa nggih enten ta , Mbah tiyang kados ngaten menika…”
“O, akeh. Malah jaman saiki saya akeh. Coba eling-elingen sapa sing bengak-bengok nalika usum kampanye kae?”
“Wahh… lha yen niku ngaten pun pedamelanipun ngoten ta, Mbah…”
Kaya mangkono pacelathon sadurunge gendhing tayub diputer. Mulane acara Tayub Mbah Jo enggal bae populer. Dalan dalan, saben acara mau wis wiwit, malih sepi dadakkan. Warga kampung padha pilih nunggoni radione. Malah ana kang jor-joran banter-banteran nganggo disalon. Dilebokake sound system. Desa kiwa tengen pemancar radio kang nyiarake acara Tayub Mbah Jo mau malih dadi regeng merga radione wong-wong kampung dilebokake sound system. Ora nganti rong wulan jeneng Jayus ing desane ora kocap. Sing ana mung jeneng, Mbah Jo. Ing pasar, ing koplakan dhokar, ing warung-warung kopi sing dirembug mung mbah Jo. Tangga kiwa tengene yen ditakoni Jayus pengarang surialis ngono, malah ora ngerti. Ngertine mung mbah Jo …Mbah Jo…
Nalika Jayus nembe mlaku liwat ngarep sawijine Sekolah Dasar, dumadakan mak gruduk…. Ana bocah selawe ngebyuk dheweke. Ngundang jenenge nganggo mbah Jo…
“Lha kae, Mbah Jooo….. aku njaluk tandha tangane , Mbah. Bapak kula mangke siang mang puterke gendhing sepedhah pancal, nggih Mbah…” bocah-bocah mau padha ngrangkul dheweke, nggandheng tangane. Malah ana kang nggandhuli clanane.
“Iya…iya…mengko tak puterne. Wis kana padha sinau sing sregep. Mbesuk ben padha dadi wong pinter…”
Tekan protelon cedhak bakul dhawet, Jayus sumlengeren. Ora ngira yen penggemare ora mung wong-wong tuwa. Ning jebule bocah-bocah kang isih umbelen barang ya gandrung mbek acara Tayub Mbah Jo. Sanjeroning batine, rumangsa mbombong. “Bocah-bocah kae mujudake generasi muda kang bakale ora ilang sifat jawane. Senadyan ing era globalisasi, pranyata tayub, Mbah Jo uga isih gelem ngrungokake”. Mangkono panglocitane.
Mlebu plataran baledesa jam nuding angka sepuluh. Dheweke menyang bale desa arepe poto Ka-Te-Pe. Wong nalika kuwi pancen pas usum-usuman KTP anyar.
“Mbah Jo. Mengke foto jejer kula nggih…”. Sawenehe priyayi putri rada sepuh nyemantani dheweke.
“Nggih, saged mawon, Bu Dhe. Ning kula tak ndaftar rumiyin nggih.”
“Mangga kula sarengi yen ngaten, rak saged urut panggilane…”
“Pak bayan, nomer panggilan kula mang urutne kalih gadhahane, Mbah Jo, nggih. Awit kula kepengin poto jejer kalih kiyambake….”
“Ooooalah iki ta, mbah Jo sing neng radio kae?” Bayan Kimun kandha sinambi noleh menyang, Jayus. Krungu tembung mbah Jo, wong-wong kang ngrubung ing papan kono banjur padha noleh.
“Pundi lho, Pak, mbah Jo- ne?”
“Lha iki …”
“Wah yen ngaten kula mangke mang urutne foto jejer kiyambake nggiih..”
“Kula enggih, pak…”
“Kula enggih…”
“Eeeee ora isa… mbah Jo wis janji arepe poto jejer aku…” Ibu setengah umur kang mau wis disemayani protes.
“Sampeyan kok nglarang-nglarang ki pernah apane?. Kono mbek kene rak padha ae…”
“Pokoke ora isa….aku luwih dhisik ngerti tekane …”
Akhire ibu-ibu kang padha kepengin poto KTP jejer karo, Mbah Jo malih padha tukaran. Cakar-cakaran. Malah ana kang jambak-jambakan barang. Sing rumangsa kuwat terus ninju kancane. Baledesa kono malih rame. Wong-wong kang rubung-rubung ing papan pendaftaran mau malih saya akeh. Ana kang kepengin misah ibu-ibu sing lagi padha gladhen yuda. Ning malah kecakar pipine nganti godras getih. Gladhen yuda nembe leren sawuse hansip desa misah nganggo penthungane. Ibu-ibu kang tumpuk undhung rebutan jejer, Mbah Jo, dipenthungi bokonge siji-siji.
“Mpun saniki ngaten mawon. Umpami dolotre ngaten dos pundi?”
“Mboten saged. Kula pun disemayani langkung rumiyin kok. Enak temen terus main lotre barang. Padhakne Togel pa-piye, Huh!!!”
“Yen ngoten nggih rekaos. Mangka mengke jejerane rak namung tiyang sekawan klebet, Mbah Jo. Lha sanese mboten kumanan …”
“Nggih niki sedaya sareng mawon. Ngga Mbah ….” Mbah Jo diseret dening ibu-ibu kang nembe gladhen mau menyang panggonan poto.
“Pun ngaten mawon, Mbah Jo teng tengah, sing tiga linggih sandhinge. Dene lintune teng wingkinge sami ngadek. Lho adil ta?”
“Lha dadose KTP mengke dos pundi?” sing arepe moto malih bingung.
“Pun ta sadados-dadose kula nggih purun. Anggere fotone sareng kalih, mbah Jo. Sebab kiyambake niku angger siaran ajeg mbela kaum wanita. Kula remen sanget. Gendhing-gendhing sing ajeg nyuraosaken sindiran kangge wanita dipun beber kanthi sae….”
“Dos pundi niki, pak Lurah?” sing moto protes menyang pak lurah.
“Wis turutana ae karepe ibu-ibu kuwi kareben marem.”
“Lha mengke KTP-ne pripun?”
“Fotone ketok sirahe thok cilik-cilik rak wis apik”
Temenan, sidane, Mbah Jo foto KTP dirubung Ibu-ibu. Ibu-ibu ngrubung mbah Jo sinambi poto KTP. Sadawane ratan kang dicatur dening wong-wong kampung ya mung kuwi. Mbah Jo dirubung ibu-ibu. Malah saya adoh nglanjak menyang tangga desa, kabare malih seje karo kenyataane. ——- Mbah Jo dirubung ibu-ibu nganti loyo…… nganti loyo mbah Jo diambungi ibu-ibu. Jare arep digawe poster tanggalan sing diwetokake pemancar radio sing nyiarake acara Tayub Mbah Jo….
Kabar ngayawara mau, keprungu menyang kupinge boss perusahaan jamu tradhisional. Naluri bisnise enggal tanggap. Niyate tanggalan mau arepe disponsori terus ditempeli nganggo produk jamune. Obat kuwat. Wah mesthi hebat!!
Pranyata poto mau wis tekan kecamatan. Ing kecamatan petugase uga bingung.
“Ana KTP kok potone mung sirah cilik-cilik iki piye?”
“Dilaporne pak camat ae, kene gak isa mutusi yen KTP kaya ngene,” liyane menehi usul.
“Wis wenehna ae KTP kuwi, mandhak wonge ya wis genah ae. Yen gelem ya kon padha poto maneh ae. Yen ora ya wis ben…”
“Lha mengke dados masalah ta, Pak?”
“Ora-ora… sing neng poto kuwi rak kabeh lansia. Mung mbah Jo dhewe sing isih gagah. Yen mbah Jo kepengin mbaleni anggone poto ya tawanana. Ning aja lali kon mbayar maneh….”
“Nggih, Pak…”
Pranyata, Mbah Jo dhewe ya marem weruh asile potone. Dheweke mutusake yen ora arepe njaluk dibaleni anggone poto. Bene kuwi ae. Sing bingung ya ben bingung. Mandhak ming foto ae kok dadi masalah ….
“Lho, mas, jebule sampeyan ta, Mbah Jo kuwi?” sawenehe wartawan kang arepe ngliput kedaeyan kuwi malih bingung. Jebul kang arepe diwawancarai ana penyiar radio diperkosa ibu-ibu mau kok kancane dhewe.
“Geneya? Ng ta?”
“Apa ora malah mundur? Sastrawan tulis malih dadi sastrawan lesan?”
“Apane sing mundur? Paling sing kandha kaya mangkono rak wong-wong tukang nggawe teori kae? “
“Sastra lesan apa bisa dadi sastra Cyber, Mas? Saiki rak jamane sastra Cyber?”
“Coba sing ngaku sastra Cyber mau nggawe-a pooling menyang internet utawa liyane. Pira jumlah pembacane? Ngko terus dibandhingake karo jumlah penggemarku. Wong-wong kae isane mung teori, umpama nyithak bata, dheweke pintere nggawe cithakan kang apik. Ning bareng didhasarake neng pasar? Pusss, sing tuku mung siji loro. Lha yen kaya mangkono rak malah mundur. Secara tehnologi dheweke unggul. Nanging kepriye carane amrih sastra tulis bali kuncara, malah ora dipikirake. Akhire asil karyane mung ngebaki perpustakaan-perpustakaan, bale bahasa. Blas gak ana sing ndemok, kejaba sing nulis dhewe…”
“Karepmu?”
“Karepku kwalitas ya dipikirake. Nanging pasar kanggo kelangsungan uripe media kang dadi ajang kreatifitas direwangi mbudidaya kepriye amrih lestarine. Yen kaya mangkono rak imbang ta? Teori matenga nganti ndalu yen ajang kreatifitase mampet, sapa sing rugi?”
“Sampeyan wani, Mas?”
“Geneya gak wani? Wong nyatane ya kaya mangkono?”
“Yen ngono aku ra sida wawancara, Mas. Wis terusna anggonmu dadi penyiar Kareben ibu-ibu kae saya gandrung karo kowe……”
Wartawan kancane ninggalake dheweke. Jayus ora perduli. Dheweke nyandhak rokok Ulunge, banjur wiwit laop-laop ngudhal gagasan mbedhah gendhing Ali-ali.




Kebanan
Dina minggu jam5 esuk Rina wis tangi amarga dheweke keturon mau bengi. Bubar tangi rina banjur nata selimut lan resik-resik bale kang di enggo turu mau. Banjur lunga ana sumur whudu lan sikatan. Bubar saka kamar mandi Rina lunga ana mushola omah banjur Subuhan.
Bubar Subuhan Rina ana kamar. Dheweke krungu hapene muni. Banjur dheweke gragap-gragap luru hapene lan niliki kena apa hapene kok muni. Kanyata  ana telepon saka Bowo. “halo.. “ Rina ngangkat telepon. “halo.. Rin kuwe ana acara ?” Bowo takon. “ora ana wo, piye ana apa ?” Jawabe Rina. “Rin, yok pada lunga mlaku-mlaku esuk ana alun-alun, kuwe gelem ?”ajake Bowo. “wah.. iya-iya gelem. Sik ya tak adus sik. Mengko aku di parani ya..” jawabe Rina. “iya siip !!” Jawabe Bowo Karo seneng.
Bubar adus Rina wis siap ana ngarep omah, dheweke ngenteni Bowo kang ameh metuk dheweke lunga mlaku-mlaku ana alun-alun. Bareng Bowo wis tekan ana ngarep omah Rina banjur pamitan marang ibune. Rina mlaku tumuju pawon lan pamitan marang ibune. “bu.. kula badhe kesah kaliyan Bowo.” Omonge Rina. “lho lunga ana ngendi esuk-esuk ngene iki ?” takon ibune Rina. “kesah mlampah-mlampah buk, wonten alun-alun.” jawabe Rina. “ee.. yawis ati-ati ya.” Pesen ibune Rina. “nggih bu.. assalamualaikum.” Pamit Rina. Banjur Rina lan Bowo mangkat lunga ana alun-alun.
Rina lan Bowo liwat ngarep mesjid Bismilah, yaiku mesjid kang cedak karo omahe Rina. Ana ing mesjid iku lagi di leksanankna kerja bakti ngresiki kalen ngarep mesjid. Ana mesjid kono rame bapak-bapak pada kerja bakti. Rina lan Bowo iya liwat kono karo jaluk amit karo bapak-bapak kang ana neng kono. Bowo iya ngalonke laju sepeda motore. “amit nggih pah, nyuwun sewu..” omonge Bowo karo manthuk-manthuk setitik. Rina iya padha manthuk-manthuk sitik lan mesem setitik marang bapak-bapak kang lagi kerja bakti. “eh .. iya nang.. wis angger liwat..”ujare pak sodikin ketua RT.
Banjur tekan prapatan sedurunge tekan alun-alun, ban motore Bowo karo Rina kempes. Bajur Bowo lan Rina minggir ana pinggir dalan. “wah piye iki Rin, malah kebanan..” omonge Bowo. “aduh.. kudu luru tukang tembel ban iki.. wis ayo di tuntun wae.” Omonge Rina.
Bowo karo Rina mlaku ndelok kiwo tengen luru tembel ban nanging ora ana-ana. Ana bocah cilik loro pada dolanan bal-balan pinggir dalan. Rina karo Bowo banjur takon karo bocah cilik iku. “dek reti tukang tembel ban dek ?” omonge Bowo. “iku lho mas, dalan iki lurus, engko ana pertelon, lha neng pojokan iku ana tukang tembel ban.” Jawabe bocah cilik. “o.. iya dek, matur nuwun yaa..” omonge Rina. Banjur Bowo lan Rina nuntun motor nganthi tekan pertelon lan akhire ketemu karo tukang tembel ban. “mas .. niki tulung bane bocor sing mburi.” Omonge Bowo. “iya nang ..” pak tukang. Banjur pak tukang nembel ban motore Bowo. “nang iki kecoblos paku, iki kudu ganti jeroane..”omonge pak tukang. “o.. nggih pak mboten napa-napa” omonge Bowo. Banjur bane di pasang lan wis dadi. Banjur Bowo bayar tembelan ban kuwi. “sampun pak, pinten ?” Bowo. “ban jerone 25ewu, tenagane 7ewu wae.” Pak tukang. “niki pak.. matur suwun nggih..” Bowo karo Rina. Banjur Rina lan Bowo ora sido lunga ana alun-alun, nanging mampir ngejus disik banjur bali ana ngomah.
 


Written by

0 komentar: