Busana Pengantin adat Surakarta, Solo Putri, Basahan, Basahan Keprabon
Duta Sinjang, Fashion Show jarik yang di selenggarakan di Unnes
Aksara jawa, aksarane wong jawa kuno
cerita rakyat Ratu kalinyamatan dan Sunan Kudus
Tampilkan postingan dengan label SASTRA. Tampilkan semua postingan

SULUK PURWA DUKSINA



Anggita-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV.
Sekar Dhangdhang-gendhis; 64 pada.
  1. Sapangate kang sun tedha singgih, sun amurwa Ki Purwa-duksina, apitutur ing rabine,  sedalu tanpa turu, garwanira den pituturi, pratingkah ing ngagesang, pacuwan ja tungkul, den bisa ataken basa, waspadaa sira marang sarireki, pacuwan tingalira.
  2. Baya iku yen tan den kawruhi, sayektine akeh wong kasasar, dene akeh renca/nane, yen sira sampun weruh, ing jatine sarira iki, saksat wruh ing Pangeran, iku jatenipun, aja ta kang kaya sira, lamun ora kena rencananing ngiblis, mangkona Nabi Adam.
  3. Prandene neng jroning swarga-di, pan kagodha dening belis laknat, prandene wus limpat reke, aja kaya sireku, sira malih ta yayi mami, dene dereng uninga, jatining pangawruh, prayoga atatakona, ariningsun tingal kang nyata ing ngurip, iku pagurogena.
  4. Garwanipun anauri aris, inggih nuwun pangandika tuwan, muga tulusena sihe, ing bodho katengsun, sapa sinten kang ngamadhangi, yen dede karsa dika, atulung marga-yu, Purwa-duksina angucap, pira bara yen ana sih ing Hyang Widdhi, atulung marang sira.
  5. Pituturingsun mring sira yayi, lamun ingsun yayi sampun [pejah], akramaa sira mangke, abektiya mring kakung, aja kaya amba ta iki, den olih / kakung toma, miwah yen amaguru, ngupaya kang ngutoma, ing jenenge tigang prakara ya kaki, iku den-ulatana.
  6. Kang kariyin pandhita wiladi, kaping kalih aboja-kirana, ping tigane iku mangke, pandhita amarsantun, iya iku pandhita aradin, lah iku gurokena, yayi mirah ingsun, garwane aris aturnya, kadi pundi tuduhe pandhita singgih, miwah boja-kirana.
  7. Lawan pandhita amarsantuni, padhangena amba dereng wikan, Purwa-duksina wuwuse, pandhita wiladiku, ingkang sareh wuwusireki, tan wuruk sudi karya, barang lakon ingsun, tanpa dudoh aranira, ing wuwuse raharja teka lestari, satuhune pandhita.
  8. Anadene amarsantun iki, angatoken mulyaning sarira, kebag ing jagad pujine, sausike puniku, mapan iku wus dadi siji, mangan turune ika, dadi pujinipun, tekan wulu/ne salembar, karentege iya tansah dadi puji, iku pandhita mulya.
  9. Pandhita boja-kirana iki, tan pegat reke amangun tapa, amadhangi sarirane, anyegah nepsunipun, datan pegat amangun nepi, saciptane wus nyata, tan ana kadulu, sampun waluya sadaya, pangistune tan ana kawula swasti, wus karem marang ngora.
  10. Kang ngaja sira guroni iki, kang pandhita dadi kang mangkona, limang prakara kathahe, pandhita sipat iku, kang rumiyin puniku dadi, pandhita olah kardha, kapindhone iku, aja dursila ta ika, kaping pate kadanan pasungsung iki, iku aja mangkona.
  11. Tegese dadi sawiji-wiji, kang pandhita sipat mangke ika, sondoyan paes gawene, ana macapat iku, doyan sajen wawatekneki, ngucap daya mangana, mrih kacangcang iku, gawene sok doyan uwang, genthong ngumus pandhita madya / puniki, iku den singgahana.
  12. Iku kang ngaja sira guroni, iya iku cacade manusa, dene ta akeh dudune, nadyan sugiya ngilmu, yen mengkono dudu wong singgih, iku wong kabelasar, tuhu yen wong kupur, pakaryane ora ana, ngilmunipun den urupaken tan bunti, de karya pangasilan.
  13. Jamake akeh ngilmune pancing, akeh wong guguru kasambitan, dene akeh panyawise, singa katon den jaluk, arara mumundur tan keni, akeh wong anelasar, ing pangrungon ingsun, iku silih salah mongsa, angguru anut tawon kambu pan iki, boya etung ing temah.
  14. Iya iku yayi den pakeling, aja sira yayi ta mengkona, iku siya-siya bae, miwah yen anggeguru, takokena ujar kang ngiki, ingkang wolung prakara, den-tetela iku, wiwitan mas kawin Allah, lan Muhkama/d ping kalih aras lan kursi, iku den-takokena.
  15. Kaping tiga sri kawin ing wengi, lan rahina ping sakawan ika, lintang kallawan ngilmune, kaping limane iku, mas kawine jalu lan estri, iku lah takokena, kaping neme iku, mas kawine wulan ika, lan srengenge bumi langit iya iki, iku yatakokena.
  16. Ping wolu mas kawin suwarga-di, lan naraka iku takokena, den tetela ing lungguhe, mapan akeh katungkul, ujar iku kang den kawruhi, yayi pagurokena, ing sapungkur ingsun, garwane aris aturnya, inggih nuwun saking sih andika gusti, nuwun kawulakena.
  17. Kadi pundi padhange puniki, ingkang ngaran mas kawin ing Ngallah, lan Muhkammad-di jatine, lintang lan ngilmu iku, miwah ing Ngaras-kursi singgih, kawula padhangena, saking kula tungkul, andika pajarwa/nana, sapuniki mas kawine rina wengi, tuwan tetelakena.
  18. Purwa-duksina amuwus aris, areningsun wong ngayu mas mirah, mas kawin Allah tegese, lawan Muhkammad iku, patemone nur roh lan iki, lan uripira tunggal, tunggal rasa ningsun, mas kawin Ngaras punika, tegesipun patemon nira sajati, lawan dat ya Muhkammad.
  19. Anane mas kawine ing ngistri, lawan priya patemon ing jasad, kalawan nyawa wajibe, iku pan tunggalipun, wonteni mas ing kawineki, ya Aras-kursi ika, patemone iku, ing sungsum babalungira, panunggale nur banyu rasa kang suci, ing sungsum amirasa.
  20. Pangandikane kang sampun luwih, aja nembah lamun durung ngawas, tuwas kangilan temahe, saweneh sasar susur, amangeran marang nging belis, nembah ing tawang tuwang, ingkang tanpa wujud, kepaung amenek warsah, panyanane idhep woh/e aneng nginggil, tur wohe aneng ngandhap.
  21. Pangandikane kang sampun licin, lumaku turu ya asalat, menenge dadi bektine, pan nora wektu-wektu, panembahe kang sampun luwih, kadi ilining toya, bengawan limintu, kang wus awas ing panembah, nora pegat sambahira rina wengi, iku jatining sembah.
  22. Ana dene kang lintang puniki, mas kawine ing ngilmu punika, garib mutaka jatine, patemon langit iku, lawan dagingira puniki, tegese osikira, apa jroning jantung, mas kawine bumi ika, lawan langit patemone uteg singgih, lawan sirolah ika.
  23. Anadene mas kawin ing wengi, lan rahina patemone netra, puputih lawan irenge, lah iya tegesipun, patemone kawula gusti, iku campuh ing rasa, ing misrane iku, /mas kawine swarga iku, lan naraka patemone nepsu iki, kelawan budi ika.
  24. Panunggale angawruhi dhiri, tingalane becik ala ika, iya sikune wektune, yen wus nyata ing ngriku, prabedane lan tunggal neki, bongga basa walika, manira angrungu, garwane aris aturnya, kados pundi panunggale dadi siji, rarasanta punika.
  25. Purwa-duksina amuwus aris, panunggale ing suwung yayinta, ing kono tunggal tingale, sakehe wujud iku, pan ing kono panunggal neki, iya waspadakena, ing wuwus puniku, garmane aris aturnya, kadi pundi wonten wong ngatakon malih, patakonan mangkona.
  26. Kang ingaran iman kadi pundi, kenyatahane tokit punika, makripat paran tegese, padhangena pukulun, tetelane sawiji-wiji, kawula dereng wikan, padhang/e puniku, Purwa-duksina angucap, ya samengko pamanggihira puniki, nora ngulati Allah.
  27. Iya iku urip kang sajati, kang ingaran reke tokit kita, adhep iku sajatine, nora nana kapupu, kang angucap puniku singgih, ingkang ingaran Allah, tan roro tetelu, iya arane sarira, tokit iku tingale roh kang sajati, nyatane yen kahanan.
  28. Anadene yayi sira iki, sejatine Suksma urip ika, kang Suksma nyata awale, kabeh dudu roh iku, raga iki iku ta yayi, yen wus wruh ing mangkona, sampurna puniku, ilang kalek mahkluk ika, iya iku kang ngaran manusa jati, dene wus badan suksma.
  29. Anadene kang dereng ngudani, wedi miyak tetebeng punika, dene akeh durakane, aran tetebeng ngiku, pakumpulan sakeh riinicik, aling-aling punika, nabi wali iku miwah / kang mukmin punika, garwanira wuwuse arum amanis, miwah tingal sakedhap.
  30. Lawan laku satindak puniki, miwah mangan sakepel punika, anginum sacegok mangke, tedahena pukulun, lawan nyandhang sasuwir iki, amba pan dereng wikan, padhange puniku, Purwa-duksina angucap, mirah ingsun wong ayu juwita mami, pilih kang kaya sira.
  31. Anadene jaruman ing ngati, kawruhira sampurnane ika, jenenge ati elinge, ujar sakecap iku, apan penet jenenge iki, laku satindak ika, panarima iku, tingale pan cakep ika, maring ekram tegese nginum satu tri, nyatane maring ngiman.
  32. Tegese mangan sakepel iki, iya Al[l]ah kang kacipteng nala, nyandhang sasuwir jatine, pujinira puniku, yen kawayang sajroning ngati, iiku jatine gesang, tan kanginan iku, dene angrasa papadha, iya iku wong ayu ingaran supi, dene sampu/n/ makripat.
  33. Nora nana yayi amal iki, amung siji amalira dhawak, saosik layarane, garwanira amatur, sedyanira arum amanis, inggih kawula nedha, saking sih wong agung, andika wejang kawula, aneng dunya ngakerat nuntuna singgih, tulus marga raharja.
  34. Kawula kakang ataken malih, kados pundi wong lara punika, agampang pae kanane, kawula pan dereng wruh, duk nalika ambayah uni, anglampahi kawula, dereng wruh puniku, duk lagya pongah-pangiyan, lan punapa puniki westane singgih, miwah duk cengengira.
  35. Alam apan duk ana ta singgih, padhangena amba dereng wikan, Purwa-duksina wuwuse, dhuh yayi mirah ingsun, baya sira juwita mami, mirah kumala retna, gurune wong ayu, lah kene karasa lara, alam tupet dene tembe angrasani, den eling maring Suksma.
  36. Ana/dene lagi wayah iki, alam tobat iku namanira, lagi pongah-pangih mangke, alami sanget iku, pakumpulan rasa sakalir, nanging tanbuh karasa, duk samana iku, ingaranan gaibbollah, lagi cengeng ingaranan alam sahir, jagad langgeng duk baka.
  37. Garwanira matur angabekti, punapa katon wau semana, punapa reke tingale, ingkang dhateng rumuhun, tetelane sawiji-wiji, lah kakang padhangena, amba guruningsun, Purwa-duksina angucap, kang rumiyin Jabarail tompa wangsit, abang cahyane ika.
  38. Kaping kalih cahyane Mingkail, warnanira iko ilatira, ping tiga Israpil mangke, wedale putih iku, saking cahya netra puniki, wedalipunpan abang, pitu watekipun, kang ngijo tengen ingaran, ya Israpil kang cahya iku ya kuning, medal ing bathukira.
  39. Iya iku tingal ingkang pasthi, na/dyan ana kang tigang prakara,yen nora nana sijine, lara kabeh tinemu, durung teka ing patineki, yen wus uninga ika, denemut sireku, Ngijrahil kang duwe ilat, mapan Muhkammad puniku Nabi singgih, dadya tumekeng pejah.
  40. Wus adungkap lawang iku yayi, ing segara penyu wastanira, wis liwat sira ing kene, nulya mancat sireku, ing segara istikar iki, sampun liwat punika, anulya puniku, karane den kawruhana, gya andungkap sagara malih puniki, segara istigena.
  41. Sampun liwat kang cahya puniki, duk angambah ing sagara kiyam, ing kono wus liwat mangke, segara rante iku, wus andungkap ing Ngaras-kursi, miwah ing dhingdhing Jalal, iku duk kadulu, ing ngalam kalih prakara, wus tumingal ing ngalam kait puniki, alam kiyamah menga.
  42. / Ing ngriku nyawa kandhege malih, duk tumingal ing segara cahya, ngaliwati ing weninge, garwanira umatur, kang pundi tegese puniki, segara penyu ika, tuduhna pukulun, miwah segara istikar, kakekate puniku sawiji-wiji, lah kakang padhangena.
  43. Purwa-duksina amuwus aris, mirah ing wang kasumaning tilam, ingsun minongka sepuhe, ayunira anulus, baya sira guruning ngistri, amartanana jiwa, kusumaning ayu, sira angling lipur brongta, ing tegese sagara penyu puniki, iku wangsul manira.
  44. Anadene segara puniki, kang ngistikar panjeneng ku nira, miwah istigena kiye, wudelira puniku, iya iku segara dhiri, segara penyui ika, sikutira iku, segara rante punika, pan tegese iya ususira iki, yen sira dereng wikan.
  45. Anadene sagara pu/niki, ingkang ingaran segara cahya, tegese jajantung mangke, segara kiyam iku, iya dhadhanira puniki, segara cahya ika, netranira iku, iku kathah ing segara, ingkang tumrap puniku segara dhiri, nyatane ingkang raga.
  46. Garwanira apan matur malih, kadi pundi wonten wong tatanya, Dhingdhing Jalal kakekate, punika Aras iku, ingaran Kursi kang adi, yeku ta kawruhana, ing ngagesang iku, yen nora weruha sira, durung weruh ingaranan badan iki, apa ta yen amora.
  47. Kang ngaran wot siratal mustakim, padhangena amba dereng wikan, ing luhure iku mangke, Purwa-duksina muwus, kang ingaran Aras puniki, iya pangambunira, kang ngaran puniku, wong karana Allah ika,  ilatira puniku mangke ta kaki, tegese atenira.
  48. Anadene timbangan puniki, baunira kang kuwat puni/ka, pamilihira ta mangke, gunung Tursina iku, irungira iku ta yayi, ing kono enggonira, sang nyawa akumpul, ing gulune siningsetan, nyawa iku angrasa lara sakalir, miwah paningalira.
  49. Sampun dhungkap lawange kaesthi, nyawa ingkang nganeng ngalam dunya, ing kono iku ta mangke, alam miya puniku, iya bathukira puniki, alam kaet punika, ing githok puniku, ing kono kandheg ing nyawa, duk tumingal cahya Muhkammad puniki, ing kono kandheg nyawa.
  50. Sawuse aneng kono ta yayi, malekat utusan ingkang prapta, amundhut nyawa karsane, Ngijrail ta puniku, maring langit paranireki, langit pipitu ika, dadalane iku, ingkono amanggih rupa, cahyanira lir pendah purnama siddhi, surat ananing Suksma.
  51. Garwanipu/n atatanya aris, kadi pundi kang langit punika, sal sahil ika jatine, Purwa-duksina muwus, anadene kang ngaran langit, ya ing cacekak ira, kang bumi ya iku, sasore ing langitira, anadene malekat Ngijrail iki, iku kakawahira.
  52. Anadene aruman puniki, sajatine aren-aren ira, puniku mesthi tegese, runwanakirun iku, sejatine wuwukuneki, iya den kawruhana, yayi ujar ingsun, kang rayi aris aturnya, kadi pundi kang pinanggih jroning pati, duk lagine sekarat.
  53. Purwa-duksina amuwus aris, kang pinanggih yayi duk sekarat, pasthi rupanira dhewe, ya wis angrasa iku, panunggale pan dadi siji, anging amawi surat, kang rupa puniku, abane muji Pangeran, iya iku kang nga/ran Muhkammad jati, tuladhaning Pangeran.
  54. Iya iku ujar kang piningit, pan puniku jatine sekarat, larangan kang luwih mangke, mulane wong kang luhung, aling-aling kang den-kandeli, nora ambuka ujar, wau kang puniku, dene medharken kekeran, ujar iku lir ngadu pucuk ing ngeri, patine tibeng jurang.
  55. Garwanipun matur angabekti, inggih nuwun saking sedya tuwan, muga tulusa esihe, wicanten kang puniku, kadi pundi teges ing linggih, kang ngaran nyawa ika, kawula dereng wruh, tuduhe satunggal-tunggal, nyawa iku akeh kang ngucap puniki, dereng wikan ing nyawa.
  56. Purwa-duksina amuwus aris, areningsun wong ayu mas mirah, kang ingaran nyawa mangke, limang prakara iku ingaranan nyawa puniki, awiwitan nur ika, kaping kalihipun, kang ngeroh mangke punika, ping tigane aka/le punika yayi, sakawan lan lekira.
  57. Ping limane kalam iku yayi, iya iku sajatine nyawa, yen sira dereng wruh mangke, tegese kang nur iku, amadhangi kahanan neki, tegesing ing roh ika, uripira iku, tegese kalam pujika, pangandika sakehe kang den rasani, akal lan batinira.
  58. Ingkang ngelih jenengira iki, iya iku kang ingaran nyawa, den jangkepi lima mangke,  puniku tuduhipun, dadya nora anut byung iki, wong saweneh angucap, maring nyawa iku, boya wikan maring nyawa, garwanira matur sarya angabekti, singgih kawula nedha.
  59. Dug gaibe apa wastaneki, nyawa ika lagi ana wadhah, dhuh kakang paran jatine, Purwa-duksina muwus, duk gaibe puniku yayi, sampun ta a/ran tunggal, neptu gaibipun, lagi nak kudule cahya, tunggal lena kang ngaran nukat puniki, misih kumpul ing nyawa.
  60. Ingaranan padhang mangke iki, iya nyawa ing gantungan ika, seje lapal ku nyatane, tunggale ta puniku, ulu iyah puniku tunggil, lintang johar punika, nyawa jatinipun, mulane gumlar ing jagad, iya nyawa kang bisa anitis iki, oleh ajaning Suksma.
  61. Muhkammad ika datan kakalih, sajatine yayah nyawanira, puniku yayi tunggale, mulane akeh tungkul, ujar iku den walik-walik, mulane akeh aran, dene kiyas iku, pinatut lawan pandhita, ya mulane akeh rarasan puniki, kabeh padha kanggenan.
  62. Kang wus nyata nora den singgahi, ujar iku sampun anerawang, data/n ana wawangene, norana bastu suwung, sampun manjing ing kupur kapir, ing sajatine gesang, lamun nora iku, jatine manusa ika, reh kang kandheg tingale manusa sepi, dene dereng uninga.
  63. Garwanipun gupuh anungkemi, gusti ningsun ing dunya ngakerat, andika kang nga[s]ih mangke, sasampune ing ngriku, pituduhe sawiji-wiji, kadi pundi ta tuwan, tetep ing pangawruh, ing mangke terange ika, yen botena tuwan atuduhana margi, tuwan panutan amba.
  64. Purwa-duksina amuwus aris, ariningsun wong ayu ing swarga, mangkona gusti tegese, wus ilang tingalipun, nepsunira wus leburen ning, pangucape wus ilang, dadya liwang-liwung, ing swarga nora karasan, ing neraka tan arsa panggih-pinanggih, dene sampurna purba.
  65. Sampun telas purwa kang / tinulis, dipun sami antuk karaharja, nedha pangapura mangke, antuk ambisa wuyung, datan patut amawi gendhing, wau kang anunurat, ing wong sisinau, sakathahe ingkang maca, sampun wonten esak-esak ingkang ati, saking bodho kawula.
Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.


Read more

SULUK WUJIL



Suluk Wujil Pesan Kanjeng Sunan Bonang,
1
Inilah ceritera si Wujil
Berkata pada guru yang diabdinya
Ratu Wahdat
Ratu Wahdat nama gurunya
Bersujud ia ditelapak kaki Syekh Agung
Yang tinggal di desa Bonang
Ia minta maaf
Ingin tahu hakikat
Dan seluk beluk ajaran agama
Ssampai rahsia terdalam
2
Sepuluh tahun lamanya
Sudah Wujil
Berguru kepada Sang Wali
Namun belum mendapat ajaran utama
Ia berasal dari Majapahit
Bekerja sebagai abdi raja
Sastra Arab telah ia pelajari
Ia menyembah di depan gurunya
Kemudian berkata
Seraya menghormat
Minta maaf
3
“Dengan tulus saya mohon
Di telapak kaki tuan Guru
Mati hidup hamba serahkan
Sastra Arab telah tuan ajarkan
Dan saya telah menguasainya
Namun tetap saja saya bingung
Mengembara kesana-kemari
Tak berketentuan.
Dulu hamba berlakon sebagai pelawak
Bosan sudah saya
Menjadi bahan tertawaan orang
4
Ya Syekh al-Mukaram!
Uraian kesatuan huruf
Dulu dan sekarang
Yang saya pelajari tidak berbeda
Tidak beranjak dari tatanan lahir
Tetap saja tentang bentuk luarnya
Saya meninggalkan Majapahit
Meninggalkan semua yang dicintai
Namun tak menemukan sesuatu apa
Sebagai penawar
5
Diam-diam saya pergi malam-malam
Mencari rahsia Yang Satu dan jalan sempurna
Semua pendeta dan ulama hamba temui
Agar terjumpa hakikat hidup
Akhir kuasa sejati
Ujung utara selatan
Tempat matahari dan bulan terbenam
Akhir mata tertutup dan hakikat maut
Akhir ada dan tiada
6
Ratu Wahdat tersenyum lembut
“Hai Wujil sungguh lancang kau
Tuturmu tak lazim
Berani menagih imbalan tiggi
Demi pengabdianmu padaku
Tak patut aku disebut Sang Arif
Andai hanya uang yang diharapkan
Dari jerih payah mengajarkan ilmu
Jika itu yang kulakukan
Tak perlu aku menjalankan tirakat
7
Siapa mengharap imbalan uang
Demi ilmu yang ditulisnya
Ia hanya memuaskan diri sendiri
Dan berpura-pura tahu segala hal
Seperti bangau di sungai
Diam, bermenung tanpa gerak.
Pandangnya tajam, pura-pura suci
Di hadapan mangsanya ikan-ikan
Ibarat telur, dari luar kelihatan putih
Namuni isinya berwarna kuning
8
Matahari terbenam, malam tiba
Wujil menumpuk potongan kayu
Membuat perapian, memanaskan
Tempat pesujudan Sang Zahid
Di tepi pantai sunyi di Bonang
Desa itu gersang
Bahan makanan tak banyak
Hanya gelombang laut
Memukul batu karang
Dan menakutkan
9
Sang Arif berkata lembut
“Hai Wujil, kemarilah!”
Dipegangnya kucir rambut Wujil
Seraya dielus-elus
Tanda kasihsayangnya
“Wujil, dengar sekarang
Jika kau harus masuk neraka
Karena kata-kataku
Aku yang akan menggantikan tempatmu”

11
“Ingatlah Wujil, waspadalah!
Hidup di dunia ini
Jangan ceroboh dan gegabah
Sadarilah dirimu
Bukan yang Haqq
Dan Yang Haqq bukan dirimu
Orang yang mengenal dirinya
Akan mengenal Tuhan
Asal usul semua kejadian
Inilah jalan makrifat sejati”
12
Kebajikan utama (seorang Muslim)
Ialah mengetahui hakikat salat
Hakikat memuja dan memuji
Salat yang sebenarnya
Tidak hanya pada waktu isya dan maghrib
Tetapi juga ketika tafakur
Dan salat tahajud dalam keheningan
Buahnya ialah mnyerahkan diri senantiasa
Dan termasuk akhlaq mulia
13
Apakah salat yang sebenar-benar salat?
Renungkan ini: Jangan lakukan salat
Andai tiada tahu siapa dipuja
Bilamana kaulakukan juga
Kau seperti memanah burung
Tanpa melepas anak panah dari busurnya
Jika kaulakukan sia-sia
Karena yang dipuja wujud khayalmu semata
14
Lalu apa pula zikir yang sebenarnya?
Dengar: Walau siang malam berzikir
Jika tidak dibimbing petunjuk Tuhan
Zikirmu tidak sempurna
Zikir sejati tahu bagaimana
Datang dan perginya nafas
Di situlah Yang Ada, memperlihatkan
Hayat melalui yang empat
15
Yang empat ialah tanah atau bumi
Lalu api, udara dan air
Ketika Allah mencipta Adam
Ke dalamnya dilengkapi
Anasir ruhani yang empat:
Kahar, jalal, jamal dan kamal
Di dalamnya delapan sifat-sifat-Nya
Begitulah kaitan ruh dan badan
Dapat dikenal bagaimana
Sifat-sifat ini datang dan pergi, serta ke mana
16
Anasir tanah melahirkan
Kedewasaan dan keremajaan
Apa dan di mana kedewasaan
Dan keremajaan? Dimana letak
Kedewasaan dalam keremajaan?
Api melahirkan kekuatan
Juga kelemahan
Namun di mana letak
Kekuatan dalam kelemahan?
Ketahuilah ini
17
Sifat udara meliputi ada dan tiada
Di dalam tiada, di mana letak ada?
Di dalam ada, di mana tempat tiada?
Air dua sifatnya: mati dan hidup
Di mana letak mati dalam hidup?
Dan letak hidup dalam mati?
Kemana hidup pergi
Ketika mati datang?
Jika kau tidak mengetahuinya
Kau akan sesat jalan
18
Pedoman hidup sejati
Ialah mengenal hakikat diri
Tidak boleh melalaikan shalat yang khusyuk
Oleh karena itu ketahuilah
Tempat datangnya yang menyembah
Dan Yang Disembah
Pribadi besar mencari hakikat diri
Dengan tujuan ingin mengetahui
Makna sejati hidup
Dan arti keberadaannya di dunia
19
Kenalilah hidup sebenar-benar hidup
Tubuh kita sangkar tertutup
Ketahuilah burung yang ada di dalamnya
Jika kau tidak mengenalnya
Akan malang jadinya kau
Dan seluruh amal perbuatanmu, Wujil
Sia-sia semata
Jika kau tak mengenalnya.
Karena itu sucikan dirimu
Tinggalah dalam kesunyian
Hindari kekeruhan hiruk pikuk dunia
20
Keindahan, jangan di tempat jauh dicari
Ia ada dalam dirimu sendiri
Seluruh isi jagat ada di sana
Agar dunia ini terang bagi pandangmu
Jadikan sepenuh dirimu Cinta
Tumpukan pikiran, heningkan cipta
Jangan bercerai siang malam
Yang kaulihat di sekelilingmu
Pahami, adalah akibat dari laku jiwamu!
21
Dunia ini Wujil, luluh lantak
Disebabkan oleh keinginanmu
Kini, ketahui yang tidak mudah rusak
Inilah yang dikandung pengetahuan sempurna
Di dalamnya kaujumpai Yang Abadi
Bentangan pengetahuan ini luas
Dari lubuk bumi hingga singgasana-Nya
Orang yang mengenal hakikat
Dapat memuja dengan benar
Selain yang mendapat petunjuk ilahi
Sangat sedikit orang mengetahui rahasia ini
22
Karena itu, Wujil, kenali dirimu
Kenali dirimu yang sejati
Ingkari benda
Agar nafsumu tidur terlena
Dia yang mengenal diri
Nafsunya akan terkendali
Dan terlindung dari jalan
Sesat dan kebingungan
Kenal diri, tahu kelemahan diri
Selalu awas terhadap tindak tanduknya
23
Bila kau mengenal dirimu
Kau akan mengenal Tuhanmu
Orang yang mengenal Tuhan
Bicara tidak sembarangan
Ada yang menempuh jalan panjang
Dan penuh kesukaran
Sebelum akhirnya menemukan dirinya
Dia tak pernah membiarkan dirinya
Sesat di jalan kesalahan
Jalan yang ditempuhnya benar
24
Wujud Tuhan itu nyata
Mahasuci, lihat dalam keheningan
Ia yang mengaku tahu jalan
Sering tindakannya menyimpang
Syariat agama tidak dijalankan
Kesalehan dicampakkan ke samping
Padahal orang yang mengenal Tuhan
Dapat mengendalikan hawa nafsu
Siang malam penglihatannya terang
Tidak disesatkan oleh khayalan
35
Diam dalam tafakur, Wujil
Adalah jalan utama (mengenal Tuhan)
Memuja tanpa selang waktu
Yang mengerjakan sempurna (ibadahnya)
Disebabkan oleh makrifat
Tubuhnya akan bersih dari noda
Pelajari kaedah pencerahan kalbu ini
Dari orang arif yang tahu
Agar kau mencapai hakikat
Yang merupakan sumber hayat
36
Wujil, jangan memuja
Jika tidak menyaksikan Yang Dipuja
Juga sia-sia orang memuja
Tanpa kehadiran Yang Dipuja
Walau Tuhan tidak di depan kita
Pandanglah adamu
Sebagai isyarat ada-Nya
Inilah makna diam dalam tafakur
Asal mula segala kejadian menjadi nyata
38
Renungi pula, Wujil!
Hakikat sejati kemauan
Hakikatnya tidak dibatasi pikiran kita
Berpikir dan menyebut suatu perkara
Bukan kemauan murni
Kemauan itu sukar dipahami
Seperti halnya memuja Tuhan
Ia tidak terpaut pada hal-hal yang tampak
Pun tidak membuatmu membenci orang
Yang dihukum dan dizalimi
Serta orang yang berselisih paham
39
Orang berilmu
Beribadah tanpa kenal waktu
Seluruh gerak hidupnya
Ialah beribadah
Diamnya, bicaranya
Dan tindak tanduknya
Malahan getaran bulu roma tubuhnya
Seluruh anggota badannya
Digerakkan untuk beribadah
Inilah kemauan murni
40
Kemauan itu, Wujil!
Lebih penting dari pikiran
Untuk diungkapkan dalam kata
Dan suara sangatlah sukar
Kemauan bertindak
Merupakan ungkapan pikiran
Niat melakukan perbuatan
Adalah ungkapan perbuatan
Melakukan shalat atau berbuat kejahatan
Keduanya buah dari kemauan



Read more

ISTILAH DALAM SASTRA JAWA


Dibawah ini  adalah istilah – istilah yang sering kita jumpai dalam karya sastra Jawa.
  1. Babad: sastra sejarah dalam tradisi sastra Jawa; digunakan untuk pengertian yang sama   dalam tradisi sastra Madura dan Bali; istilah ini berpadanan dengan carita, sajarah (Sunda), hikayat, silsilah, sejarah (Sumatera, Kalimantan, dan Malaysia).
  2. Bebasan: ungkapan yang memiliki makna kias dan mengandung perumpamaan pada keadaan yang dikiaskan, misalnya nabok nyilih tangan. gancaran: wacana berbentuk prosa.
  3. Gatra: satuan baris, terutama untuk puisi tradisional.
  4. Gatra purwaka: bagian puisi tradisional [parikan dan wangsalan] yang merupakan isi atau inti.
  5. Guru gatra: aturan jumlah baris tiap bait dalam puisi tradisional Jawa (tembang macapat).
  6. Guru lagu: (disebut juga dhong-dhing) aturan rima akhir pada puisi tradisional Jawa.
  7. Guru wilangan: aturan jumlah suku kata tiap bait dalam puisi tradisional Jawa.
  8. Janturan: kisahan yang disampaikan dalang dalam pergelaran wayang untuk memaparkan tokoh atau situasi adegan.
  9. Japa mantra: mantra, kata yang mempunyai kekuatan gaib berupa pengharapan.
  10. Kagunan basa: penggunaan kata atau unsur bahasa yang menimbulkan makna konotatif: ada berbagai macam kagunan basa, antara lain tembung entar, paribasan,bebasan, saloka, isbat, dan panyandra.
  11. Kakawin: puisi berbahasa Jawa kuno yang merupakan adaptasi kawyra dari India; salah satu unsure pentingnya adalah suku kata panjang dan suku kata pendek (guru dan laghu).
  12. Kidung: puisi berbahasa Jawa tengahan yang memiliki aturan jumlah baris tiap bait, jumlah suku kata tiap baris, dan pola rima akhir sesuai dengan jenis metrum yang membingkainya; satu pupuh kidung berkemungkinan terdapat lebih dari satu pola metrum.
  13. Macapat: puisi berbahasa Jawa baru yang memperhitungkan jumlah baris untuk tiap bait, jumlah suku kata tiap baris, dan vokal akhir baris; baik jumlah suku kata maupun vokal akhir tergantung atas kedudukan baris bersangkutan pada pola metrum yang digunakan; di samping itu pembacaannya pun menggunakan pola susunan nada yang didasarkan pada nada gamelan;secara tradisional terdapat 15 pola metrum macapat,yakni dhandhang gula, sinom, asmaradana, durma,pangkur, mijil, kinanthi, maskumambang, pucung, jurudemung, wirangrong, balabak, gambuh, megatruh, dan girisa.
  14. Manggala: “kata pengantar” yang terdapat di bagian awal keseluruhan teks; dalam tradisi sastra Jawa kuno biasanya berisi penyebutan dewa yang menjadi pujaan penyair (isthadewata), raja yang berkuasa atau yang memerintahkan penulisan, serta–meskipun tak selalu ada–penanggalan saat penulisan dan nama penyair; istilah manggala kemudian dipergunakan pula dalam penelitian teks-teks sastra Jawa baru.
  15. Pada: bait parikan: puisi tradisional Jawa yang memiliki gatra purwaka (sampiran) dan gatra tebusan (isi); pantun (Melayu).
  16. Parikan lamba: parikan yang hanya mempunyai masing-masing dua baris gatra purwaka dan gatra tebusan.
  17. Parikan rangkep: parikan yang mempunyai masing-masing dua baris gatra purwaka dan gatra tebusan.
  18. Pepali: kata atau suara yang merupakan larangan untuk mengerjakan atau tidak mengerjakan sesuatu, misalnya aja turu wanci surup.
  19. Pupuh: bagian dari wacana puisi dan dapat disamakan dengan bab dalam wacana berbentuk prosa.
  20. Panambang: sufiks/akhiran.
  21. Panwacara: satuan waktu yang memiliki daur lima hari: Jenar (Pahing), Palguna (Pon), Cemengan (Wage), Kasih (Kliwon), dan Manis (Legi).
  22. Paribasan: ungkapan yang memiliki makna kias namun tidak mengandung perumpamaan, misalnya dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan.
  23. Pegon: aksara Arab yang digunakan untuk menuliskan bahasa Jawa.
  24. Pujangga: orang yang ahli dalam menciptakan teks sastra; dalam tradisi sastra Jawa; mereka yang berhak memperoleh gelar pujangga adalah sastrawan yang menguasai paramasastra (ahli dalam sastra dan tata bahasa), parama kawi (mahir dalam menggunakan bahasa kawi), mardi basa (ahli memainkan kata-kata), mardawa lagu (mahir dalam seni suara dan tembang), awicara (pandai berbicara, bercerita, dan mengarang), mandraguna (memiliki pengetahuan mengenai hal yang ‘kasar’ dan ‘halus’), nawung kridha (memiliki pengetahuan lahir batin, arif bijaksana, dan waskitha), juga sambegana (memiliki daya ingatan yang kuat dan tajam).
  25. Saloka: ungkapan yang memiliki makna kiasan dan mengandung perumpamaan pada subyek yang dikiaskan, misalnya kebo nusu gudel.
  26. Saptawara: satuan waktu yang memiliki daur tujuh hari: Radite (Ngahad), Soma (Senen), Buda (Rebo),Respati (Kemis), Sukra (Jumuwah), dan Tumpak (Setu).
  27. Sasmitaning tembang: isyarat mengenai pola metrum atau tembang; dapat muncul pada awal pupuh (isyarat pola metrum yang digunakan pada pupuh bersangkutan) tetapi dapatpula muncul di akhir pupuh (isyarat pola metrum yang digunakan pada pupuh berikutnya.
  28. Sastra gagrak anyar: sastra Jawa modern, ditandai dengan tiadanya aturan-aturan mengenai metrum dan perangkat-perangkat kesastraan tradisional lainnya.
  29. Sastra gagrak lawas: sastra Jawa modern, ditandai dengan aturan-aturan ketat seperti–terutama–pembaitan secara ketat.
  30. Sastra wulang: jenis sastra yang berisi ajaran,terutama moral.
  31. Sengkalan: kronogram atau wacana yang menunjukkan lambang angka tahun, baik dalam wujud kata maupun gambar atau seni rupa lainnya yang memiliki ekuivalen dengan angka secara konvensional.
  32. Singir: syair dalam tradisi sastra Jawa.
  33. Sot: kata atau suara yang mempunyai kekuatan mendatangkan bencana bagi yang memperolehnya.
  34. Suluk: (1) jenis wacana (sastra) pesantren dan pesisiran yang berisi ajaran-ajaran gaib yang bersumber pada ajaran Islam; (2) wacana yang ‘dinyanyikan’ oleh dalang dalam pergelaran wayang untuk menciptakan ‘suasana’ tertentu sesuai dengan situasi adegan.
  35. Supata: kata atau suara yang ‘menetapkan kebenaran’ dengan bersumpah.
  36. Tembung entar: kata kiasan, misalnya kuping wajan.
  37. Wangsit: disebut juga wisik, kata atau suara yang diberikan oleh makhluk gaib, biasanya berupa petunjuk atau nasihat.
  38. Wayang purwa: cerita wayang atau pergelaran wayang yang menggunakan lakon bersumber pada cerita Mahabharata dan Ramayana.
  39. Weca: kata atau suara yang mempunyai kekuatan untuk melihat kejadian di masa mendatang.
  40. Wirid: jenis wacana (sastra) pesantren yang berkaitan dengan tasawuf.
Alang alang kumitir



Read more