CERITA RAKYAT RATU KALINYAMATAN
Ratu Kalinyamat utawa Raden Ayu Wuryani utawa Retna Kencana iku
pemimpin wadon saka Jepara sing duweni paras ayu, pinter, lan bijaksana.
Ratu Kalinyamat yaiku putri saka Pangeran Trenggana raja Demak
(1521-1546) sing dadi bupati Jepara, putune Raden Patah, Sultan Demak
sing pertama. Raden Patah nduweni anak enem, yaiku sing pertama wadon
jenenge Ratu Mas kawin karo Pangeran Cirebon. Ratu Mas nduweni adhi lima
lanang kabeh yaiku Pangeran Sabrang Lor, Pangeran Sedo Lepen, Pangeran
Trenggana, Raden Kanduruwan lan Raden Pamekas.
Ratu Kalinyamat nikah karo pemuda bagus jenenge Raden Toyib putrane Sultan Mughayat Syah saka Aceh. Raden Toyib lunga saka kerajaan Aceh amarga dheweke ora gelem rebutan tahta karo kangmase. Raden Toyib nduweni kangmas jenenge Raden Takyim. Bedane Raden Toyib kaliyan Raden Takyim yaiku Raden Takyim seneng foya-foya, keset, ora gelem susah lan sombong. Dene Raden Toyib luwih seneng sinau babagan ilmu tata pemerintahan. Sawise Syech Mukhayat Syah uzur lan usiane wis sepuh, Syech Mukhayat Syah mariske tahtane marang Raden Toyib, sebab Raden Toyib menika pribadi kang tekun lan pinter ing babagan pemerintahan, sanadyan semestine kang dadi waris sawise Syech Mukhayat Syah wafat menika Raden Takyim amarga putra kang paling tua.
Amarga Raden Toyib diangkat dadi Sultan, Raden Takyim ora trima atine
banjur dadekake masalah ing kerajaan. Raden Toyib ngerti yen kangmase
kuwi ora trima yen dheweke dadi Sultan, banjur dheweke mutuske menehke
tahtane kuwi marang kangmase lan lunga saka kerajaan. Dheweke lunga
menyang Tiongkok lan dadi anak angkate menteri Tiongkok jenenge Tjie
Hwio Gwan. Banjur sawise 5 tahun ana ing Tiongkok, Raden Toyib mutusake
ninggalake Tiongkok lan hijrah ana ing pesisir utara kanggo dakwah
nyebarake agama Islam. Raden Toyib mandheg ana ing tlatah kutha Jepara
lan kepingin ngabdi ana ing kadipaten Kalinyamat. Ing kono Raden Toyib
ketemu Ratu Kalinyamat putrine Sultan Trenggana banjur nikah lan
Kepemimpinan kadipaten Kalinyamat diwenehke marang Raden Toyib. Bapak
angkate Raden Toyib nalika ing Tiongkok uga diundang ing kadipaten
Kalinyamatan saperlu didadekake patih. Jalaran Raden Toyib nikah karo
anake Raja Demak, Raden Toyib dadi anggota kaluwarga kerajaan Demak lan
diwenehi jeneng Sultan Hadirin.
Runtuhe kerajaan Demak salah sawijine disebabake persaingan antarane para wali khususe Sunan Kudus lan Sunan Kalijaga kang ikut campur ing persaingan perebutan tahta ing kerajaan Demak. Sunan Kudus lan Sunan Kalijaga dianggep guru sing sekti lan duweni murid-murid sing terhormat lan duweni peran penting ing kerajaan Demak. Murid-muride Sunan Kudus yaiku Pangeran Aryo Penangsang, Sunan Prawata lan Hadiwijaya (Jaka Tingkir), dene Sunan Kalijaga duweni murid sing status sosiale ora dhuwur kaya muride Sunan Kudus, kayata saka golongan selo yaiku Ki Pemanahan, Ki Jurumertani lan Ki Penjawi. Sunan Kudus lan Sunan Kalijaga uga dianggep sing dadi dhalange masalah rebutan kekuasaan antarane keturunan-keturunan kerajaan Demak. Sunan Kudus ora trima sebab Sunan Prawata lan Hadiwijaya merguru marang Sunan Kalijaga, dheweke krasa digapah dening Sunan Kalijaga. Dheweke duweni pikiran yen kuwi mau kekarepane Sunan Kalijaga. Nanging sejatine Sunan Prawata lan Hadiwijaya mung kepingin nyambung tali silaturrahmi. Aryo Penangsang dadi siji-sijine murid sing di sayang dening sunan Kudus amarga dheweke sing isih setia merguru. Banjur Sunan Kudus bombong Aryo Penangsang supaya nuntut hak-hake dadi pewaris Raja Demak. Sebab nalika bapake Aryo Penangsang yaiku Pangeran Sedo Lepen dadi raja Demak, dheweke dipateni Sunan Prawata amarga Sunan Prawata kepingin yen tahtane kuwi tiba ing awake kanthi cara mateni Pangeran Sedo Lepen. Amarga Aryo Penangsang isih enom lan durung bisa dipasrahi dadi raja Demak, banjur tahtane digenti dening adhine Pangeran Sedo Lepen utawa bapake Sunan Prawata lan Ratu Kalinyamat yaiku Pangeran Trenggana. Nalika Pangeran Trenggana wafat, tahta kerajaan Demak dadi rebutan. Sunan Giri kepingin yen sing dadi peneruse yaiku Sunan Prawata amarga Sunan Prawata anak kandhung saka Pangeran Trenggana. Nanging Sunan Kudus kepingin yen gentine Pangeran Trenggana yaiku Aryo Penangsang, sebab Aryo Penangsang sejatine keturunan kerajaan Demak saking sedulur tuwa yaiku Pangeran Sedo Lepen. Nanging Sunan Kalijaga kepingin yen Hadiwijaya sing dadi pewaris tahta kerajaan Demak. Perkara kuwi mau dadi sansaya panas saengga para wali lomba-lomba kanggo menangke politik kerajaan Demak iki. Sunan Kudus bujuk Aryo Penangsang supaya mateni Sunan Prawata kanggo bales dendame bapake sing wis dipateni dening Sunan Prawata lan kanggo oleh tahta kerajaan Demak. Aryo Penangsang banjur printah marang prajurite sing jenenge Rangkut kanggo mateni Sunan Prawata. Nalika Rangkut arep mateni Sunan Prawata, Sunan Prawata lagi ing keadaan ora sehat turu ing dadane garwane. Rangkut banjur mateni Sunan Prawata kanthi cara nujep dadane Sunan Prawata nganti tembus geger lan kena dadane garwane. Sunan Prawata ora trima yen bojone melu dipateni Rangkut, dheweke jabut pusakane yaiku keris Kyai Betok banjur diuncalno ing arah Rangkut nganti mati.
Krungu kabar yen kangmase dipateni Aryo Penangsang, Ratu Kalinyamat sedih atine banjur lunga karo Sultan Hadirin marani Sunan Kudus saperlu jaluk penjelasan. Nanging Sunan Kudus malah benerke kedadeyan Aryo Penangsang mateni Sunan Prawata. Sunan Kudus maklumi kedadeyane lan ngendika marang Ratu Kalinyamat yen kangmase Sunan Prawata iku zaman enome wis mateni bapake Aryo Penangsang yaiku Pangeran Sedo Lepen, dadi Sunan Prawata utang nyawa marang Aryo Penangsang lan patine kuwi balesane. Ratu Kalinyamat sansaya kuciwa krungu jawabane Sunan Kudus, dheweke banjur mulih menyang Kalinyamat, nanging nalika perjalanan mulih, dheweke diserang dening pasukane Aryo Penangsang. Sultan Hadirin dipateni dening utusane Aryo Penangsang amarga Aryo Penangsang kuwatir yen sawise Sunan Prawata mati tahta kerajaan Demak tiba ing tangane Sultan Hadirin. Ratu Kalinyamat ora bisa nulungi Sultan Hadirin amarga dheweke uga arep dipateni utusane Aryo Penangsang, nanging bisa lolos. Kedadeyan iki sansaya gawe atine Ratu Kalinyamat sedih, kuciwa lan mangkel. Durung genep suwe dheweke kelangan kangmase, saiki bojone sing banget ditresnani uga dipateni dening utusane Aryo Penangsang. Apa maneh dheweke ngerti yen dhalang saka kedadeyan iki yaiku Sunan Kudus atine banget kuciwa. Wiwit saka kedadeyan iku, dheweke duweni rasa dendam marang Aryo Penangsang. Nanging Ratu Kalinyamat ngerti yen Aryo Penangsang iku banget sektine, dheweke ora bisa mateni Aryo Penangsang. Banjur dheweke nyuwun pitulunge Gusti kanggo bales kelakuane Aryo Penangsang kanthi cara “Tapa Wudo” utawa tapa ora nganggo wusana amung sinjangan rambut. Dheweke janji ora bakal bali menyang Kalinyamat sadurunge keset rambut lan keramas getihe Aryo Penangsang. Tapa Wudo iki dilakoni ora adoh saka pesanggrahane ing Mantingan, panggonane jembar sinebut “Gilang” kang artine amba. Ing kono Ratu Kalinyamat tapa kanthi khusyu’. Kabar yen Ratu Kalinyamat tapa lan ora gelem bali menyang kraton krungu ing kupinge Hadiwijaya. Banjur Hadiwijaya marani kakak ipare kuwi ing panggonan tapane, dheweke bujuk Ratu Kalinyamat supayane gelem bali menyang Kalinyamat, nanging kabeh kuwi sia-sia. Krasa yen tapane keganggu, Ratu Kalinyamat ngaleh anggone tapa ana ing Desa Danarasa kang saiki dadi Desa Pengkol, Loji Gunung. Ing kene Hadiwijaya uga weruh lan bujuk Ratu Kalinyamat meneh supaya gelem mulih. Banjur Ratu Kalinyamat ngaleh meneh anggone tapa. Dheweke ngaleh ing Gunung Danaraja, Desa Tulakan, Keling Jepara. Hadiwijaya ora kesel anggone bujuk mbakyu ipene kuwi, dheweke marani Ratu Kalinyamat ing pertapaane sing terakhir. Hadiwijaya mara karo Ki Pemanahan, Ki Penjawi, lan Danang Sutawijaya. Ing kono Hadiwijaya takon marang Ratu Kalinyamat, “Mbakyu, kula mireng yen panjenengan tapa wonten ing lereng Gunung Danaraja kanthi tanpa wusana lan boten purun wangsul wonten ing Kraton, menapa ingkang dados kesusahan manah Kanjeng Ratu?”
“Hadiwijaya, aku banget kuciwane kelawan Aryo Penangsang kang wis dadi sebab matine kangmasku Sunan Prawata lan Sultan Hadirin bojoku. Tapaku iki ora bakal tak pungkasi yen aku durung oleh keadilan saking Gusti. Sapa wonge sing bisa waleske dendamku marang Aryo Penangsang bakal oleh kabeh banda kang dadi duweku.” Ngendikane Ratu Kalinyamat marang Hadiwijaya.
Krungu ucape mbakyune mau, Hadiwijaya banjur rundingan karo Ki Panjawi, Ki Juru Martani lan Ki Pemanahan kanggo mateni Aryo Penangsang. Amarga Aryo Penangsang kuwi sekti, Hadiwijaya gunakake taktik utawa siasat. Hadiwijaya uga gawe sayembara sapa wonge sing bisa mateni Aryo Penangsang bakal oleh tanah Mataram lan Pati. Nanging ora ana sing wani nglawan Aryo Penangsang. Akhire sing diutus kanggo nglawan Aryo Penangsang yaiku Danang Sutawijaya. Sawise siasat diatur, Danang Sutawijaya diutus mangkat ing Blora marani Aryo Penangsang kanthi digawani senjata pusaka Kyai Pleret. Ki Panjawi, Ki Pemanahan lan Ki Juru Martani uga 200 prajurit disiapake kanggo nglawan Aryo Penangsang.
Ki Pamanahan ora sembarangan nglawan Aryo Penangsang, dheweke gunakake taktik kanggo mancing Aryo Penangsang supayane bisa metu saka omahe tanpa prajurit. Ki Pemanahan marani tukang ngrumati jaran-jarane Aryo Penangsang, banjur kupinge budhake kuwi di iris lan diwenehi surat tantangan. Budhak Aryo Penangsang iku ora kuwasa nahan lara amarga kupinge diiris, banjur mlayu marani Aryo Penangsang ing kraton. Nalika budhak mau tekan gapura kraton, Ki Mantaun patihe negeri Jipang kaget. Dheweke wedi yen Aryo Penangsang ngamuk weruh kedadeyan iki banjur dheweke ora ngijini budhak mau ketemu Aryo Penangsang. Nanging Aryo Penangsang krungu ribut-ribut ing jaba kraton banjur metu niliki reributan mau. Aryo Penangsang kaget weruh budhake kupinge tugel lan panas atine maca surat tantangan saka Ki Mantaun sing isine tantangan kanggo perang.
Kanthi ati panas Aryo Penangsang nunggangi jaran kesayangane yaiku Gagak Rimang marani Ki Mentaun sing ana ing sebrang bengawan tanpa prajurit. Sawise tekan bengawan Coket, Gagak Rimang weruh jaran wadon putih gone Danang Sutawijaya banjur muncul birahine. Gagak Rimang banjur dadi bringasan ora bisa diatur marang tuanne. Danang Sutawijaya sansaya mancing-mancing jarane Aryo Penangsang supaya terus ngetutake jarane. Nalika Aryo Penangsang kewalahan ngatur jarane sing bringas mau, Danang Sutawijaya banjur nujepake tombak Kyai Pleret ing wetenge Aryo Penangsang nganti ususe brodhol. Nanging Aryo Penangsang isih urip, ususe disampirke ana ing kerise. Danang Sutawijaya ora kentekan akal, dheweke sansaya gawe Aryo Penangsang mangkel atine. Aryo Penangsang pancen mangkel atine lan kepingin mateni Danang Sutawijaya. Dheweke banjur jabut keris pusakane yaiku Setan Kober kanggo mateni Danang Sutawijaya. Nanging ora dinyana ususe isih semampir ing keris iku. Akhire Aryo Penangsang mati kanthi ngenes amarga ususe pedhot, awake ajur dadi pirang-pirang.
Amarga sing mateni Aryo Penangsang kuwi Danang Sutawijaya, mangka kuwi Ki Pemanahan, Ki Penjawi lan Ki Juru Martani rundingan. Sebab Danang Sutawijaya kuwi anak angkate Hadiwijaya Adipati Pajang, mangka kuwi wilayah Mataram lan Pati ora bakal diwenehke marang Danang Sutawijaya kaya kang sesuai karo isi sayembara. Nanging Ki Pemanahan, Ki Penjawi lan Ki Juru Martani kandha marang Hadiwijaya yen sing mateni Aryo Penangsang yaiku Ki Ageng Pemanahan lan Ki Penjawi. Banjur kabar suka kuwi dikandhakake marang kanjeng Ratu Kalinyamat. Ratu Kalinyamat bungah atine krungu kabar yen Aryo Penangsang wis mati, dheweke banjur mungkasi anggone tapa lan bali menyang kraton. Hadiwijaya uga ora lali menehke jambul lan gowo semangkok getihe Aryo Penangsang sing bakal digawe keset lan keramas kanjeng Ratu Kalinyamat. Ratu Kalinyamat uga menehke tahtane marang Hadiwijaya. Nanging Hadiwijaya tetep nganggep yen Ratu Kalinyamat pemimpin ing kadipaten Jepara, dheweke ora nampa banda saka Ratu Kalinyamat amarga dheweke banget ngajeni mbakyu ipene kuwi. Dheweke uga nganggep yen kerajaane mbakyune kuwi dudu kerajaan sing bisa ngancem kerajaane.

bagus
BalasHapus