ASAL USULE PUNDEN KI WIRAWANGSA LAN KALI ULOH ING DUSUN PANDANAN



Ana ing jaman dhisik ana bangsa luar Indonesia sing ninggalake asale gawe mlebu ana ing Indonesia. Sing arep mlebu ana ing Indonesia yaiku bangsa landa utawa Walanda. Tujuane bangsa landa mlebu ana ing Indonesia yaiku arep golek rempah-rempah. Amarga ana ing Indonesia akeh bahan rempah-rempah sing bisa gawe awak anget, amarga ana ing papane wong landa kono hawane adem. Sakwise wong landa tumeka ana ing Indonesia, bangsa landa menika uga tekan ana ing tanah Jawa.
Sakwise bangsa landa golek apa sing digoleki yaiku rempah-rempah. Wong landa ngerti yen bangsa Indonesia kuwi sugih rempah-rempah lan liya-liyane nanging wong Indonesia ora bisa manfaatake kabeh kuwi karo temenanan. Delok kahanan kaya mangkana, wong landa duweni pikiran sing ora apik. Yaiku para bangsa landa pengen nguasani Indonesia supaya isoh jikuki rempah-rempah lan kekayaan alame Indonesia sakpenake. Amarga wong Indonesia gampang dibodohi, wong Indonesia ana sing didadekake babu marang wong Landa.
Nanging uga ana wong-wong pinter lan duweni kewanen ingkang gedhe sing ora gelem didadekake babune wong landa.  Wong-wong sing kaya mangkana kuwi dadi berontak marang wong landa. Wong-wong sing kaya mangkana milih perang nglawan bangsa landa. Supaya isoh bebas lan bisa merdeka. Ana ing kabeh papan panggonan kang ana ing Indonesia ora ana kang pengen dadi babune wong landa dadi kabeh padha berontak marang wong landa kanthi perang karo penjajah.
Mangkana uga wong-wong sing ana ing tanah Jawa, padha perang lawan wong landa. Amarga wong-wong landa nyebar ana ing sakabehe papan ing Indonesia. Para pemimpin padha mimpin pasukane gawe nglawan wong landa. Nganthi tumeka ana ing Jawa Tengah. Landa-landa padha nyebar ana ing Jawa Tengah.
Ana sawijining papan jenengan Dusun Pandanan. Papan kuwi ana ing sisih lor Desa Getasan sing ana ing cedake kutha Salatiga. Para wong landa tumeka ana ing papan kana. Nanging para landa mau tumeka ana ing papan kana ora gawe nguasani dusun mau, nanging namung mlaku golek rempah-rempah. Amarga ana ing dusun kana ora ana sing digoleki banjur wong-wong mau lunga saka dusun Pandanan. ananging wong landa mau kerep banget lewat ana ing dalan dusun Pandanan. Dusun Pandanan mau gawe transite wong landa kuwi. Nanging tetep wae dening para warga sing ana ing papan mangkana padha siaga menawa sewayah-wayah para landa mau padha ngrusuhi uripe wong dusun kana supaya Pandanan tetep aman.
Ana ing sawijining dina, dusun Pandanan ketekanan priyayi sing ora dikenal karo wong-wong ing dusun. Wong mau kalebu wong sing asing dening para warga. Wong sing tumeka ana ing kana mau ngaku yen dhewekke kuwi lagi ngulandara.
Ngulandara mau ora ngaku lan ora ngandharake sapa asline dheweke. Nanging amarga para warga ana ing kana padha sopan lan katon sae lan uga papan mau katon aman saka wong-wong Landa amarga miturut pandelenge ora ana wong landa ing papan kana mau  panjenengane mau matur sapa asline lan apa perlune panjenengane mau tumeka ana ing papan kene.
Nanging sakdurunge panjenengane mau matur sapa dheweke asline, ngulandara mau matur nek para warga wis padha ngerti sapa asline panjenengane ora ana sing kepareng ngandharake ana sing sapa wae sapa asline, menawa ana sing wani matur utawa nyariosake ana ing wong liya sing dudu wong Dusun Pandanan bakal kena cilaka.
Lajeng panjenengane mau nyaritake sapa asline panjenengane. Panjenengane mau yaiku Ki Wirawangsa. Ki Wirawangsa yaiku salah sijine anak buahe lan kanca cedake Raden Diponegoro. Ki Wirawangsa nyarioskake yen dheweke sing ngewangi Raden Diponegoro ana ing perang nglawan karo wong landa. Ngewangi Raden Diponegoro nglawan wong landa gawe ngusir penjajah saka Ambarawa.
Nanging ana ing sawijining dina nalika Raden Diponegoro lan Ki Wirawangsa lagi perang karo wong landa, amarga senjatane ora akeh lan ora canggih kaya duwene wong landa Raden Diponegoro lan Ki Wirawangsa kalah. Amarga kalah Raden Diponegoro lunga mlayu gawe nyelametake awake, semana uga Ki Wirawangsa. Saka kedadean mangkana Ki Wirawangsa dadi pisah karo Raden Diponegoro. Ki Wirawangsa lunga dewe mlaku adoh supaya ora ditangkep karo wong landa.
Nanging sakdurunge panjenengane mau ngulandara. Ki Wirawangsa bali ana ing kraton nanging amarga ora bisa kepanggih karo Raden Diponegoro, amarga Raden Diponegoro uga ninggalake kraton ben slamet saka wong landa. Ki Wirawangsa uga lunga ninggalake keraton nerusake ngulandarane.
Sakdurunge tumeka ana ing Pandanan, Ki Wirawangsa nglewati papan panggonan warna-warna sing dening panjenengane dewe ora reti papan kuwi ana ing ngendi. Nganthi ana ing tengah alas panjenengane uga nglewati. Panjenengane ora mangan lan ngombe apa sing kerep didhahar ana ing kraton nanging mangan apa sing bisa dipangan.
Ana ing ngulandarane Ki Wirawangsa mau dheweke nyamar dadi wong biasa supaya ora dikenali dening wong liya. Nyamar supaya ora bisa dikenali dening wong landa amarga Ki Wirawangsa termasuk wong sing digoleki dening wong landa utawa dadi buronane tentara landa. Tujuane ben ora kena ditangkap dening tentarane landa. Amarga papan sing dilewati dening Ki Wirawangsa dewe papan sing akeh tentarane wong landa.
Nganthi panjenengane bisa teka ana ing dusun Pandanan kuwi bisa diarani yen dheweke kuwi beja bisa teka ana ing papan sing aman saka tentarane landa lan dhewekke dislametkake para warga amarga bisa umpatan ana ing papan kana lan diparingi dhahar. Amarga miturut pamirsane Ki Wirawangsa dusun mau aman ayem tentrem saka wong landa, panjenengane urip suwe ana ing kana.
Suwe urip ana ing dusun Pandanan lan duweni sipat kang apik karo tiyang sanes. Gawe Ki Wirawangsa disenengi dening para warga dusun Pandanan. Dening karo para sesepuhe dusun Ki Wirawangsa didadekake “Bekel” utawa pemimpine dusun. Tugasipun Ki Wirawangsa menika njaga keamanane dusun Pandanan saking para penjajah lan biyantu ing panguripane para warga supaya makmur.
Amarga wis suwe urip ana ing dusun Pandanan lan gawe panguripane para warga dadi tentrem ayem lan makmur. Ki Wirawangsa nyaritakake yen dheweke kuwi duweni kekuatan lan kasekten. Nanging ora nate dipamerake dening wong liya. Sakdurunge duweni kekuatan lan kasekten, Ki Wirawangsa ndisik meguru karo wong sekti ana ing alas salah sijining gunung ing Jawa Tengah. Gurune ngajari akeh banget ilmu. Ilmu sing diajari dening gurune ora mung ilmu kasekten nanging uga ilmu akal kapinteran lan keagamaan. Kekuatan lan kesaktiane Ki Wirawangsa yaiku ora bisa dipateni karo wong liyo ora ana sing bisa ngalahake Ki Wirawangsa. Sakbibare wis dirasa kuat lan wis siap, Ki Wirawangsa lunga saka omahe gurune lan ketemu karo Raden Diponegoro.
Nanging asine Ki Wirawangsa duweni rahasia sing ora ana wong sing reti dening rahasiane mau. Amarga panjenengane wedi menawa ana wong sing reti rahasiane bakal ana wong sing srei sing manfaatake kelemahane Ki Wirawangsa kuwi. Rahasiane yaiku sakdurunge panjenengane lunga ninggalkake gurune, gurune pesen yen dhewekke ora entuk nyenggol dom “jarum” utawa nyekel dom amarga seka dom kuwi panjenengane bisa mati. Nalika dom “jarum” kuwi ditanclepkake ana ing telapak tangane Ki Wirawangsa.
Nanging amarga para warga mau penasaran karo apa sing diaturake dening Ki Wirawangsa mau bener apa orane. Lajeng para sesepuh dusun ngaturi tugas Ki Wirawangsa kangge nderek sayembara lan damel mastikake bener napa boten kasektene Ki Wirawangsa, sayembara mau sing nganakake priyayi saka dusun Gading priyayi sng paling sugih ana ing dusun kana. Menawa menang bakal entuk duit lan emas uga bisa krama karo anake Ki Slamet. Amarga putrine kuwi putrid paling ayu ana ing papan mau.
Nalika Ki Wirawangsa melu ana ing sayembara mau ora ana sing bisa menang lawan karo Ki Wirawangsa. Lajeng ana lawan sing awani nantang Ki Wirawangsa amarga ora trima yen panjenengane menang entuk duit uga emas lan bisa ngentukake putrine Ki Slamet, jenenge Raden Wiryo. Raden Wiryo ora trima nalika Ki Wirawangsa bisa menang lan bisa krama karo putrine Ki Slamet. Amarga kekuatane lan kasektenane Ki Wirawangsa menang lawan Raden Wiryo.
Ki Slamet seneng amarga Ki Wirawangsa sing menang entuk duit uga emas lan bisa ngentukake putrine, amarga Raden Wiryo kuwi wong sing duweni sipat kang elek. Lan dadi musuhi Ki Slamet amarga ora diparengake krama karo putrine. Apa maneh miturut pamirsane Ki Slamet, Ki Wirawangsa kuwi ijeh enom, pasuryane sae, duweni kedudukan, lan kesakten ndadekake Ki Slamet mantep nikahkake putrine karo Ki Wirawangsa. Sakbibare tugas nderek sayembara Ki Wirawangsa wangsul meneh ing dusun Pandanan mbeta garwanipun lan duit emas kang kathah sanged.
Amarga Ki Wirawangsa menang ana ing sayembara mau, para sesepuhe dusun Pandanan pitados yen Ki Wirawangsa kuwi pancen sekti lan duweni sipat kang apik amarga bisa ngentukake putrine Ki Slamet.
Sakwise Ki Wirawangsa krama karo utrid Ki Slamet lan bisa urip tambah kepenak. Anggawe wong-wong sing serik karo Ki Wirawangsa tambah ora seneng karo Ki Wirawangsa amarga Ki Wirawangsa wong anyar sing bisa duweni kedudukan sing dhuwur ana ing dusun Pandanan lan bisa krama karo wong ayu apa meneh saiki Ki Wirawangsa bisa sugih. Akeh wong sing tambah seneng karo Ki Wirawangsa nanging uga akeh sing tambah ora seneng karo Ki Wirawangsa.
Amarga Raden Wiryo ora bisa menang lawan karo Ki Wirawangsa, Raden Wiryo kepengen ngwlales Ki Wirawangsa. Raden Wiryo lajeng ngakon tiyang kangge madosi informasi sinten asline Ki Wirawangsa. Nalika Raden Wiryo ngakon wong, panjenengane malah nyuwun ngapuro dening Ki Wirawangsa amarga sampun nantang kaliyan Ki Wirawangsa. Lajeng panjenengane kepengen dadi muride Ki Wirawangsa amarga Raden Wiryo mangertos menawi Ki Wirawangsa kuwi wong sing duweni kesakten.
Amarga Ki Wirawangsa ora duweni pikiran sing elek babagan Raden Wiryo sing kepengen dadi muride Ki Wirawangsa. Amarga niate Raden Wiryo apik Ki Wirawangsa gelem dadi gurune Raden Wiryo nanging Ki Wirawangsa ora maringi piwulang babagan kasekten sing panjenengane ora bisa dipateni. Amarga miturut pandelenge garwane Ki Wirawangsa, yen Raden Wiryo kuwi mung arep ngapusi Ki Wirawangsa.
Sakwisi Raden Wiryo entuk apa sing dikarepake, panjenengane duweni rencana pengen nyerang lan mateni Ki Wirawangsa lan Raden Wiryo kerjasama karo tentara landa. Amarga para tentara landa uga madosi Ki Wirawangsa. Amarga Ki Wirawangsa sekti, dheweke bisa reti yen dheweke bakal dicelakani.
Nalika Raden Wiryo lan para tentara arep mateni Ki Wirawangsa, malah Raden Wiryo lan para tentara landa sing kalah amarga kasektene Ki Wirawangsa sing ora bisa ditandingi. Nalika lagi ngetokake kekuatane akeh tentara landa sing mati amarga mesakkake karo Raden Wiryo, Raden Wiryo entuk lunga saka papan mau nanging nalika Raden Wiryo gawe perkara bakalan dipateni dening Ki Wirawangsa.
Nanging amarga Raden Wiryo ora terima dening kekalahane kuwi mau, panjenengane malah mateni garwane Ki Wirawangsa. Lajeng amarga Ki Wirawangsa tambah duka Raden Wiryo dipateni sirahe dijikuk seka awake. Digujeng dening Ki Wirawangsa dibuak ana ing kali amarga durung tenanan mati sirahe mau isih urip lan bisa nangis ngomong njaluk ampun marang Ki Wirawangsa nanging panjenengane tambah duka amarga garwane uwis dipateni. Sirahe Raden Wiryo sing seka matane metu uloh “air mata” dibuak ana ing kali cedak dusun Pandanan. Lajeng kali mau dijenengi “Kali Uloh” amarga nalika Raden Wiryo arep seda dhewekke ngetokake uloh saka mripate.
Amarga saiki Ki Wirawangsa urip dewekan wis ditinggal karo garwane seda. Ki Wirawangsa nyeritakake babagan rahasiane sing wiwit tumeka ana ing dusun Pandanan disimpen apik-apik supaya ora ana sing ngerti saiki malah diceritakake marang para warga dusun Pandanan.
Ki Wirawangsa cerita nek dhewekke bisa seda. Dhewekke bisa seda nalika panjenengane nglanggar pesene gurune nek ra entuk nyedaki dom. Nanging saiki malah panjenengane nyeritakake yen bisa seda. Panjenengane bisa seda yen dom “jarum” ditancepkake ana ing telapak tangane Ki Wirawangsa. Nanging sakdurunge ana sing wani nancepkake dom ana ing telapakan tangane, panjenengane matur yen Ki Wirawangsa wis seda kudu nyepakake tanah kanggo pasareane Ki Wirawangsa lan saben malem senen kliwon para warga Pandanan kudu nyepapake sesajen ana ing pasareane Ki Wirawangsa. Sesajene yaiku kolak ketan, ingkung kunig, sego glondong 5 pasang, gudangan, cambah, gereh, lan endhog jawa godhog.
Sakbibare Ki Wirawangsa matur kaya mangkana lajeng dom mau ditancepkake ana ing telapak tangane Ki Wirawangsa. Lajeng panjenengane menika seda. Para warga lajeng ngubur jasadipun Ki Wirawangsa wonten ing papan kang sampun disiapaken para warga kaya dene kang disuwun dening panjenengane sakderengipun seda.
Nalika Ki Wirawangsa sampun seda. Mbah Setro inggih menika salah sijine sesepuhe desa kagungan utrid. Nalika putrinipun menika nembe dolanan wonten ing ngajengan dalem, delok pitik jago lajeng matur kaliyan Mbah Setro. Mbah Setro matur nek pitik jago mau pitike Ki Wirawangsa amarga metune saka pasareane Ki Wirawangsa. Kaliyan Mbah Setro pitik jago mau dikon bali ning asale nanging pitik jago mau mlaku ngulon ana ing kulone dusun Pandanan menika wonten dusun nama Ploso Ngrawan. Pitik jago mau mandek ing sak wetane dusun Ploso Ngrawan menika. Amarga boten purun bali ing asale.
Lajeng sakwise jaman kamardikan tradisi maringi sajen ing pasareane Ki Wirawangsa taksih dilakoni. Nanging ingkang nglakoni tradisi menika sakniki namung Kepala Dusun “Bekel” mawon. Lan saben tanggal 17 Agustus para warga padha genduren lan maringi sesajen ing Punden Ki Wirawangsa lan donga wonten ing papan menika amarga Ki Wirawangsa tiyang ingkang berjasa damel dusun Pandanan. Ngantos jaman sakniki tradisi menika taksih dilajengaken.


Written by

0 komentar: