ASAL-USUL SUNAN KEDU ANA DAERAH KUDUS



Ana ing jaman semono ing sawijining dina ing kutha kudus, urip kyai kang jenenge Raden Ja’far Sadiq utawa biasa di sebut Sunan Kudus. Sunan Kudus iya salah sijining wali songo kang nyebarake agama Islam ana daerah Kudus utawa Kutha Kudus. Awet semono Sunan Kudus iya terkenal ahli ana bab perdagangan utawa jual beli. Ana ing kutha Kudus Sunan Kudus ngedekna pondok pesantren lan mesjid kang biasa di sebut Mesjid Menara. Sunan Kudus iya uwong kang sekti ilmune amarga deweke iya pernah berguru ana kyai Telingsing. Nanging Sunan Kudus iya ora wong kang seneng pamer, mula Sunan Kudus nduweni pribadi kang ora sombong.
Ana ing sawijining dina putra Sunan Kudus (ora isa di sebut jenenge) dikon Sunan Kudus nyebarake agama Islam ana daerah Kedu kutha Magelang. Ana ing daerah Kedu wektu jaman semono mayoritas masyarakat  Kedu iya seneng adu jago utawa adu pitik jago. Amarga budaya wong-wong Kedu seneng adu jago, putra Sunan Kudus iya melu memasyarakat utawa nyedaki masyarakat karo cara melu adu jago. Ana ing pertandingan putra Sunan Kudus iya menangan. Berita kuwi krungu kanthi tekan kupinge Sunan Kedu. Sunan Kedu iya jawara adu jago ana daerah Paraan Temanggung Magelang, ora ana wong kang bisa ngalahke Sunan Kedu. Nanging  Sunan Kedu kang duweni watek pamer ora gelam kalah, ngajak putra Sunan Kudus adu jago kang taruhane, yen kalah di jupuk klambine. Akhire putra Sunan Kudus kalah, lan klambine di jupuk Sunan Kedu. Putra Sunan Kudus isin banget lan mulih ana Kudus karo ati kang isin. Tekan kutha Kudus, putra Sunan Kudus mulih wadul marang Sunan Kudus, dheweke cerita opo kang wis di alalami wektu ana ing daerah Kedu, nganggo prasaan kang emosi. Banjur Sunan Kudus ndhawuhi  putrane kanggo nggoleki informasi sapa iku Sunan Kedu, akhire putra Sunan Kudus wenehi ngerti karo Sunan Kudus yen Sunan Kedu yaiku wali saka daerah Kedu dheweke iya putra saka Sunan Makukuhan. Sunan Kedu iya nduweni jeneng Syeh Abdul Basir.
Putrane Sunan Kudus dikon Sunan Kudus adu jago maneh karo Sunan Kedu kang nduweni tujuan njupuk klambine putra Sunan Kudus kang wis di jupuk karo Sunan Kedu. Putra Sunan Kudus iya di wenehi kekuatan karo Sunan Kudus kanggo ngalahna Sunan Kedu. Putra Sunan Kudus banjur mangkat ana daerah Kedu maneh. Ana ing daerah Kedu putra Sunan Kudus nantang adu jago maneh karo Sunan Kedu lan njupuk klambine maneh sing wis di rampas karo Sunan Kedu.
Akhire Sunan Kedu kalah, adu jago di menangna karo putra Sunan Kudus, amarga putra Sunan Kudus menang, Sunan Kedu mikir-mikir mesti putra Sunan Kudus kuwi ora anake wong biasa. Akhire Sunan Kedu ngongkon anak buah utawa prajurite kanggo luru asal usul putra Sunan Kudus mau.  Akhire Sunan Kedu reti yen dheweke kui anak/putra saka Sunan Kudus banjur Sunan Kedu iya dendam karo Sunan Kudus. Amarga dendam karo Sunan Kudus kudu ngelawan Sunan Kudus, Sunan Kedu lunga saka omah lan meguru ana Kyayi Telingsing kang iku iya guru saka Sunan Kudus.
Wektu meguru ana kyai Telingsing Sunan Kedu iya di ajari kesekten kathi dheweke ndue kesektian kang apik pinter. Nanging dheweke ora manfaatna kepeinterane karo bijaksana. Wektu meguru karo Kyai Telingsing Sunan Kedu iya di pesen ojo pamer-pamerna kekuatanmu. Sunan kedu lunga meguru karo kyayi telingsing saengga deweke dadi sekti. Sunan kedu iya nduweni ilmu yaiku isa ngentengake awake, saengga dheweke mung nguncalake tampah ing nduwur lan dheweke mencolot langsung isa mabur ana ngendi-ngendi kang dikarepake.
Ana ing sawijining dina Sunan Kedu penasaran karo kesektiane Sunan Kudus lan ape balas dendam karo Sunan Kudus kang anake tau ngalahake Sunan Kedu. Kaya biasane Sunan Kedu iya njupuk tampahe lan mabur mara ana kutha Kudus ameh ngadu kesektian karo Sunan Kudus. Ana ing dalan, wong-wong podho ndelok lan pada heran karo Ki Ageng Sunan Kedu. Nanging Ki Ageng Kedu angger mlengos nglewati omah-omah daerah-daerah kang di lewati. Bareng wis tekan kutha kudus, Sunan Kedu ora lagsung mudun saka tampahe, nanging isih mabur mubeng-mubeng ana kutha Kudus karo ngguyu ngakak. Ana ing pelataran mesjid murid-murid Sunan Kudus iya pada ngeti Sunan Kedu mabur lan pada penasaran karo kesektiane Suna Kedu. Nanging wektu Sunan Kedu ngguyu ngakak-ngakak Sunan Kudus during metu saka masjid, dheweke isih ndzikiran bubar sholat. Sunan Kudus iya ora heran karo kesektiane Sunan Kedu, amarga Sunan Kudus iya wong kang sekti, nanging ora sombong.
Bubar sholat Sunan Kudus metu saka mesjid lan krungu Sunan Kedu ape nantang dheweke adu kesektian, bareng ndelok Sunan Kedu, Sunan Kudus iya mung nudingake tangane ana arah Sunan Kedu, lajeng Sunan Kedu oleng ora ndue keseimbangan maneh, tampahe oleng ana rana rene, oleng mengulon, lan sing asale awake entheng isa mabur dadi abot lan tibo. Sunan Kedu tibo ana panggonan kang becek, yaiku tibo ana nggon kang cedak banyu-banyu kang ameh sat. Ana kono akhire di jenengna daerah jember karo masyarakat Kudus. Ana daerah jember Sunan Kedu di tulung karo Nyai Gerak. Sunan Kedu di gawa ana omahe Nyai Gerak lan di rumati.
Wektu iku Sunan Kedu iya isin banget, esuke karo rada emosi Sunan Kedu akhire nyoba numpak tampah maneh, nyoba ngetokna kbeh kekuatane. Sunan Kedu iya isa mabur maneh nanging ora isa jejeg maneh, amarga dheweke isih kelara-lara bar tiba saka nduwur. Sunan Kedu mabur lungo mangetan arah masjid Sunan Kudus tekan ana ing sa wetane Jember Sunan Kedu kelangan keseimbangan lajeng dheweke mereng-mereng,lan akhire tibo maneh. Ana ing daerah kang di lewati iku di jenengna desa Pereng.
Akhire Sunan Kedu mlaku karo awak kang rusoh, kebak blekethok mara ana ing daerah kang neng kono ana sumur utawa kulah utawa sendang, akhire ana kono Sunan Kedu adus lan ngresiki awake kang rusoh mau, lan nyucikeke awake. Akhire ana daerah kono di jenengna desa Pasucen.
Ana kono iya Sunan Kedu ngakoni yen Sunan Kudus luwih sekti tinimbang awak.e, Sunan Kedu kepingin meguru karo Sunan Kudus. Sawise awake Sunan Kedu resik lan suci, dheweke mlaku nuju mesjid Sunan Kudus, nanging Sunan Kedu kewengen, lan luru panggonan kanggo turu. Ana ing daerah kono karo masyarakat Kudus di arani kenepan kang nduewi arti penginapan. Ana ing daerah kneepan kono Sunan Kedu ngerasa yen desa kui peteng banged, akhire Sunan Kedu lunga metu luru lampu, dheweke entuk damar-damar kang iso kanggo panerangan. Ana ing dukuh kuwi mula di jenengna dukuh damaran. Nginep ana kono, Sunan Kedu mikir yen Sunan Kudus pancen wong sekti hebat kang karomah, iya Sunan Kudus luwih hebat teko dheweke. Sunan Kedu nduweni pkiran dheweke kepingin dadi muride Sunan Kudus.
Akhire Sunan Kedu dadi muride sunan Kudus. Sebagai murid saka Sunan Kudus, Sunan Kedu di tugasi karo Sunan Kudus nyebarake agama islam ana daerah Gribig, kang wektu iku masyarakate iya seneng do tani.
Banjur Sunan Kedu nyamar dadi wong biasa kang tinggal ana daerah Gribig, Sunan Kedu iya pinter babagan pertanian banjur dheweke makarya tani. Opo wae kang di tandur Sunan Kedu iya tukul subur. Sunan Kedu gawene sholat ana angkruk kang cedak karo sawahe. Masyarakat kang podo ngeti tanemane Sunan Kedu subur, masyarakat podo iri, banjur pada penasaran karo opo kang di lakokna Sunan Kedu. Sunan Kedu akhire nyebarake agama Islam karo masyarakat lewat jalur dakwah kang nyangkut karo pertanian, di warahi sholat, lan nyembah gusti Allah. Masyarakat Akhire Sunan Kedu nyebarake Agama islam lewat pertanian lan masyarakat Gribig pada ngehormati Sunan Kedu lan nganggep Sunan Kedu guru/ustat/ulama. Suwe dakwah ana daerah Gribig, masyarakat kabeh pada ngerti yen Sunan Kedu iku muride Sunan Kudus, lan masyarakat Gribig pada ngembangna bisnis tembako, dagang tembako lan tani.
Sunan Kedu pinter perkawis bidang pertanian, lan Sunan Kudus pinter perkawis perdagangan, Sunan Kedu iya nyritakake yen ana daerah asale Sunan Kedu akeh wit mbako utawa tembakau. Banjur Sunan Kudus muni yen dheweke gelem ngembangna bisnis tembakau ana kutha Kudus. Banjur Sunan Kedu bali ana daerah Temanggung gawa mbako kang akeh mara ana kutha Kudus. Ngono sateruse. Akhire Sunan Kudus lan Sunan Kedu kekancan apik.
Mula Sunan Kedu iya unggul dalam hal pertanian khususe taneman tembakau, amarga Sunan Kedu iku iya saka daerah Temanggung. Tembakao kang di tandur Sunan Kedu iku tembakau kang apik banged. Ngati saiki iya tembakau kang paling apik kualitase iku tembakau kang saka daerah parakan Temanggung Magelang. Amarga Sunan Kedu pinter olehe tani, lan Sunan Kudus pinter olehe dagang, banjur Sunan Kudus ngajak Sunan Kedu kanggo bisnis Tembakau. Tembakau kang saka Parakakn iku di gawa ana daerah Kudus, lan d dol karo Sunan Kudus ana wong-wong kang podo gawe rokok. Kutha Kudus iya kutha kang ndue pabrik rokok kang akeh banged nanging kutha Kudus iya ora isa ngasilake tembakau. Dadi tembakau kang dig awe rokok kabeh saka tembakau daerah paraan Temanggung Magelang.
Merga Sunan Kedu isih nduweni unek-unek yen dheweke nduwe masalah banjur Sunan Kedu curhat marang Sunan Kudus, amarga dheweke seneng utawa tresa marang sepupune dhewe, yaiku anak saka buleke. Yaiku Dewi Larasati. Nanging ora di restoni karo wong tuane Sunan Kedu, utamane yaiku ibune Sunan Kedu. Ibune mikir yen kaya ora ana wong wadon lio sing ora sedulur.
Amarga Dewi Larasati tresna marang Sunan Kedu, Dewi Larasati lunga marani Sunan Kedu kang ana neng Kudus. Ing jaman semono wektu garwane Sunan Kedu yaiku Dewi Larasati mlayu-mlayu luru Sunan Kedu ana daerah Kudus, nanging Dewi Larasati seda sadurunge ketemu karo Sunan Kedu amarga di pateni karo nyai Gerak ana daerah Gribig, kang jaman semono iya isih akeh alas semak-semak. Sunan Kedu dhuweni utang budi karo Nyai Gerak. Sunan Kedu iya wektu tibo teko tampah dheweke tibo ana daerahe Nyai Gerak, Dheweke janji yen bakal nikah karo Nyai Gerak. Amarga Nyai Gerak tresna marang Sunan Kedu akhire Dewi Larasati di pateni karo Nyai Gerak ana daerah Gribig  lan di kubur ana daerah Gribig, kang saiki di nggo area pabrik rokok Djarum. Durung jelas Sunan Kedu iya wis nikah karo Dewi Larasati apa durung. Nanging akhire Sunan Kedu urip ana Desa Gribig karo Nyai Gerak lan mati di kuburna ana Desa Gribig. Ana daerah Gribig Sunan Kedu iya ninggali masjid At-Taqwa, watu kenong, belik sumber joyo lan makam Sunan Kedu dhewe.


Written by

0 komentar: