PACELATHON
“MUCAL”
“Nyariyosaken Pengalamanipun Piyambak”
Guru : “Sugeng enjing para siswa … ?”
Murid : “Sugeng enjing pak .. “
Guru : “Kados pundi kabaripun ?”
Murid : “Alhamdulillah sehat pak ..”
Guru : “pepanggihan minggu kepengker kita sampun ngrembag bab
menapa ?”
Chan : “sampun ngrembag bab geguritan pak..”
Guru : “inggih sampun, kala wingi sampun rampung ta? Samenika kita ngrembag babagan ingkang sanes. Mangga dipun bikak bukunipun kaca 13.
Murid : “inggih pak..”
Guru : “inggih, wonten ing kaca 13 menika kita badhe ngrembag bab 3 ngengingi nyariyosaken pengalaman pribadi. Cobi dipun-pirsani menika wonten tuladhanipun,
mangga dipun-waos rumiyin.(pada maca bukune dewe-dewe) Sampun? Sampun padha mangertos menapa ingkang
dipun-wastani pengalaman pribadi?
Rina : “pengalaman pribadi menika kados nyariyosaken
pengalaman ingkang nate dipun-alami piyambak,pak.
Guru : “inggih,leres…wonten ingkang badhe nambahi?
Ani : “kula pak, pengalaman pribadi menika kados menapa
kemawon ingkang nate kalampahan, ingkang kita emut, babagan ingkang bungah
utawi susah.
Guru : “inggih leres, nah .. menapa ingkang dipun wastani
pengalaman pribadi inggih menika salah sawijining wacana arupi prosa ingkang nyariyosaken pengalaman
pribadi, temtu kemawon cariyos ingkang nate kita lampahi. “
Mulyati : “pak, bade nyuwun pirsa ..”
Guru : “inggih mangga.”
Mulyati : “bentenipun pengalaman pribadi kaliyan cerkak menika
punapa pak ?”
Guru : “mekaten para siswa, pengalaman pribadi
menika cariyos ingkang nate dipun alami piyambak, tegesipun cariyos menika
arupi fakta, menawi cerkak cariyosipun arupi fiksi. Sinten kemawon saged ngarang , mekaten. Cetha
menapa mboten ?”
Mulyati : “emm inggih pak sampun cetha.”
Guru : “nggih pun samenika kula paring tugas, tulung mbak chan
di waos kaca gangsalwelas.”
Chan : “inggih pak..”
(3.3 coba dipun damel cariyos pengalaman pribadi ingkang nate panjennengan lampahi, saged seneng, sedih utawa susah,
lan ginaaken basa ingkang trep.)
Guru : “nah .. samenika langsung kemawon mangga damel cariyos pengalaman pribadi piyambak-piyambak.
Lajeng mangke dipun waos wonten ngajeng. Kula paring wekdal 15menit kangge garap. Mangga dipun garap
murid-murid.”
Murid : “inggih pak”
(ditinggal pak guru tindak menyang
kantor)
Rina :” ecanipun nyerat menapa nggih..?”
Ani :”nyerat pengalaman menapa ingkang panjenengan emut.?
Rina :”o..inggih, pengalaman nalika kula wonten
ing dalemipun simbah kemawon, nalika kula dipun oyak kirik,hahaha....
Mulyati :”lha,kadospundi rin ..?”
Rina :”wekdal menika kula dipun utus ibu tumbas sabun, sumerep kirik,
ajrih sanget. Kula langsung mlajeng, e... malah kula
langkung dipun oyak kirik...?”
Ani :”rina?rina?..
Chan :”kadospundi ta rin ,panjenengan ko
malah nyariosaken wonten mriki, mboten dipun serat wonten buku?”
Rina :”eh ampun ah .. menika aib kula,
kula gantos kemawon ingkang sanes hehehe ... inggih sampun yuh pada nyerat.”
Mulyati :”inggih, inggih sampun,menika ngagem basa karma menapa ngoko
nggih chan?”
Chan :”ngagem basa krama,
menawi kita rak mboten pareng dipun kramaaken ta.”
Mulyati :”o...inggih. kula supe.”
Ani :”owh inggih, pak arif
mlebet maihmenapa mboten nggih .?”
Rina :”inggih mlebet ta. Lha kalawau sampun ngendikan, panjenengan
sampun rampung dereng..?”
Ani :”dereng, panjenengan
sampun..?”
Rina :”sampun ta, mangke manawi dipun dhawuhi
pak arif kula inggih sampun siaga.”
Mulyati :”inggih, sampun rampung.”
Chan :”irah irahanipun penjenengan menapa mul..?”
Mulyati :” Nalika
Kula Kesah Wonten Peken”
Chan :”wah sae menika.”
Mulyati :”he,,,sampun dhawuh.” (pada madep ngarep)
Guru :”pripun para siswa?
Sampun rampung sedaya..?”
Murid :”sampun pak.”
( gurune mlaku mirsani murid siji
siji)
Guru :”cobi garapanmu chan pak guru badhe mirsani...”
Chan :”inggih pak mangga.”
(pak guru mirsani gaarapan chan)
Guru :”inggih sampun sampun leres.”
(mlaku ning mulyati)
Guru :”pundi garapanmu mul. “
Mulyati :”menika pak, mangga.”(karo maca-maca)
Guru :”lha,iki basanipun kirang trep, menawi ibu mboten kesah
kramanipun inggih menika ibu tindak”
Mulyati :”inggih pak.” (karo ngapus garapane)
(guru (angguk-angguk sirahe)
langsung pinuju marang rina lan ani kaliyan mirsani garapanipun sampun leres)
guru :”inggih sampun, samenika majeng setunggal setunggal inggih, chanifatul
azizah mangga majeng.”
(chan ngajeng kaliyan nyariosaken
pengalaman piyambakipun)
Piknik Wonten Pantai Kartini
Nalika kula taksih sekolah TK, kinten-kinten nembe umur 5
taun. Kula sakanca TK nate kesah kaleh bu guru menyang Pante Kartini.
Saderengipun kesah, bu guru maringi pitakon, “ Sampun beto bekal maem lan mimik
cah.....?”, lajeng kita sedaya mangsuli “sampun Bu” sesarengan. Kita sedaya
lajeng mlampah wonten radosan amargi sampun dipun entosi bapak sopir kol brondol.
Bu guru nata lenggahipun kula sakanca supados rapi lan tertib. Kita lajeng
donga sareng-sareng kanthi banter lan bapak sopir milai nitih kol brondolipun.
Nalika wonten
radosan, kula sakanca dipun pandhegani bu guru nembang lelagon sareng-sareng
kanthi tepuk asta supados semangat lan bungah . jaman semono nalika semerep
bis, trek, utawi mobil kang sae mesthi bungah sanget. Setengah jam
kinten-kinten sampun dateng wonten Pante Kartini. Bu guru enggal-enggal
nyiapaken barisan lajeng maem sesarengan. Ananging kula taksih kemutan menawi
ayam goreng kula dipun sruduk sapi, lajeng kula nangis lan siosipun ayam kula
dipun gentos kalian gadhahipun Bu guru. Wonten mrika kula sakanca dolanan
joncitan, bandulan, lan sapanunggalipun.
(Murid-murid tepuk tangan)
Guru :”inggik sae,
pengalamanmu.”
Guru :”ani hidayati afif,
mangga majeng.”
Ajaran Sepeda
Wekdal niku kula
tesih umur 5 tahun. Kanca-kanca kula sampun padha saged nitih sepeda. Nanging
kula ingkang dereng saged piyambak, amargi kula boten wantun ajaran. Saben
dinten kula dipoyok’i dening kanca-kanca nganti kula nangis lan matur kaliyan
simbah kakung. Simbah sedih ningali kula nangis. Banjur simbah ngajari kula
nitih sepeda. Nanging kula boten purun amargi kula isin kaliyan kanca-kanca yen
mangkeh di poyok’i malih. Simbah lajeng ngajak kula wonten ing kebon ajaran
sepeda supaya kanca-kanca boten ningali. Nalika ajaran ingkang kapisan, kula
nabrak wit pelem kang wonten ing kebon wingking griya. Bathuk kula mrempul
ageng banget. Sasampunipun niku kula kapok boten purun ajaran sepeda malih,
nanging simbah tetep sabar ngajari kula nganti akhire saged nitih sepeda.
Guru :”rina dwi astuti, mangga majeng.”
Piknik Ana Bali
Nalika kula tesih sekolah wonten SMA kelas 2 kula lan
kanca-kanca kesah piknik wonten Bali. Kinten-kinten tabuh 6 kula kesah wonten sekolah kaliyan
bapak. Sakwise dugi wonten sekolah kula kepethuk kaliyan kanca-kanca sanes.
Sedoyo sami seneng amarga badhe kesah wonten Bali. Sakderengipun mlampah wonten
bus murid-murid liyane dipun kempalaken rumiyin. Sedaya pada donga
sareng-sareng ingkang di pimpin kaliyan pak guru bu guru.
Sakwise donga
kula lan kanca-kanca mlampah wonten bus lan pada luru panggonan dewe-dewe,
ingkang smpun dipun tentukake. Panggonan kula dipun lenggahi kaliyan kanca
kula, piyambake mboten purun lenggah jejeripun tiyang lanang, kula rada serik
amarga kanca kula ngrebut panggonan kula lan mboten mados rumiyin. Akhire kula
ngalah, kula jejer kaliyan tiyang jaler.
Sawise dugi
wonten Bali kula kaliyan kanca-kanca seneng banged, tujuan ingkang sepisan
yaiku tanahlot, wonten tanahlot kula lan kanca-kanca pada foto-foto lan dolanan
banyu. Kanca kula ingkang ngrebut panggonan kula nyuwun ngapunten datheng kula,
lan kula ngapunteni, lajeng sedaya podo mlaku-mlaku bareng wonten took-toko
sandangan lan pada blanja.
Guru :”mulyatiningsih, mangga
majeng.”
Nalika Kesah Wonten Peken
Nalika tindhak dhateng peken. Wekdal menika kula nderek
ibu tindhank dhateng peken nitiih dokar.
Dumugi dhateng peken kula lan ibu tumbas werna werni. Nalika badhe tumbas buah,
kula kepleset ing ngajengipun bakul buah. Tiyang- tiyang ingkang pada mirsani
inggih pada ngguyu,ibu kula inggih ngguyu. Kula lingsem sanget, ko ngantos
kelpeset iki kadospundi?, sareng kula emut. Wonten ing ngajengipun bakul buah
wau menika wonten toya ing palataranipun,nanging kula inggih mboten atos-atos
anggenipun mlampah, saengga kula inggih kelpeset. Inggih cekap semanten
anggenipun kula nyariosaken babagan pengalaman kula piyambak.
Guru :“samenika tugasipun
sampun leres sedaya,saking pengalamanipun mbak chan dumugi mbak mulyati. Sampun
leres ngagem basa krama ingkang trep, amargi mboten diparengake menawa awake
dhewe iku dipun krama inggilaken.”
Murid :”inggih pak.”
Guru :”samenika pak guru badhe nyukani
tugas, yaiku saking pengalaman piyambak mau iki, tulisen menapa ingkang dipun raosaken para siswa nalika majeng
wonten ing ngajeng kelas lan dipun serat wonten ing buku.”
Murid :”inggih pak.”
Guru :”wonten ingkang badhe nyuwun
pirsa..?”
(ngacung)
Chan :”pak, menika dipun serat mawi ketik
utawi serat asta pak ?”
Guru :”inggih dipun serat asta kemawon
lan dipun damel kolom kaya ngene...(pak guru nulis ana ing papan tulis) menika
sampun cetha murid-murid..?”
Murid :”inggih pak
sampun cetha.”
Guru :”inggih sampun,samenika pepanggihan
kula pungkasi. Benjang dipuncocogaken,dipun rembag minggu ngajeng. Inggih
sampun, sugeng siyang.”
Murid :”sugeng siyang
pak.”
Rina :”cah, kula kesupen, cariyosipun
kalawau kepriye..?”
Ani :”inggih, kepriye ya ? menawa dipun garap sesarengan..?”
Rina :” inggih dipun garap sesarengan
kemawon”
Chan :”inggih sampun, dipungarap sesarengan
mangke pada nyariosaken malih
gegantosan.
Mulyati :”inggih,,nanging dipungarap wonten kantin kemawon inggih,menika sampun wekdal
ngaso .“
Rina & ani :”inggih, ayo ...
0 komentar: