GANCARAN
Gancaran utawa prosa yaiku jinising bentuk tulisan
tanpa tembang. Variasi ritmane, luwih gedhe lan basane luwih memper
teges leksikale. Biyasané tulisan-tulisan gancaran dianggo teks-teks
lugas.
Tuladha ingkang arupi Gancaran:
Tegesipun : hamong, inggih punika hambeging surya, amargi kahananing suya punika tansah angen angulataken ing dumados tumprapipun dhateng pambegan emut, dados mboten kasamaran.
- Hamrat
Tegesipun : Inggih punika hambeging bumi, amargi kahananing bumi tansah ngembat ambobot ing dumadi, tuprapipun dhateng pembegan, mantep dumununging jatmikaning sarira.
- Kamrat
Tegesipun : Kamot, inggih punika hambeging angin, amargi khananing angin, tansah kamot ing dumadi, tumrapipun dhateng pembega, temen, dumununging waonten aringing napas, dados mboten ndleya.
- Mawrat
Tegesipun : Momot, inggih punika hambeging saganten, amargi saganten tansah tadhah tumandho sasarahing dumadi, tumprapipun dhateng pambegan sabar, dumununging wonten ing mareming raos.
- Makyat
Tegesipun : Mengku, inggih punika hambeging langit, amargi kahananing langit tansah ngaubi ing dumadi, tuprapipun dhateng pambegan, santosa, dumunungipun wonten ing sarehing karsa.
Guna : Sugih kabisan
Kaya : Bisa ntetokake asil
Sura : Wani, kendel.
Kabeh kekarepan kuwi bisa kaleksanan, jer linambaran, kaya piwulange Prabu Rama karo Hanoman :
“ Sapa wani ing gampang, wedi ing kewuh, samubarang nora bakal bisa kelakon..!”
Gemi : Ora gelem ngetokake waragat kang ora perlu.
Nastiti : Weruh ing pitung ora gampang keblituk.
Ngati – ati : Bisa ngurmati marang gunakayaning laki.
Rigen : bisa nata amrih tata lan prayuga.
Mugen : Manut sapakon, nora rongeh.
Tegen : Teteg lan tawaqal.
Ririh : sarwa sareh ing solah bawane.
Rereh : sabar.
Ruruh : jatmika utawa anteng.
- Kahartan tegese sugih rejeki
- Kawiryan tegese kadrajatan
- Kayuswan tegese dawa umure
- Kawibawan tegese nduwe watak budi kang luhur
Layap : laku
Liyep : lerem
Luyup : ilang
Dadi jejering wong urip iku sejatine kudu bsa tansah aweh pepadhang, sing awujud dharma bakti lan ngamal saleh, marang sapa wae kang lagi nandhang pepeteng kanthi ikhlasing ati. Dadi menawa hurip ora bisa aweh pepadhang iku tegese mati.
Khayu : urip
Khayat : anguripi
Khayun : kang den uripi
Sarengat : laku lampah
Tarekat : margi
Khakekat : yekti utawa bener
Makrifat : waskita utawa wis bisa mangerteni lan hameruhi kang sejatine
-Pali darma : tegese tansah aweh pitutur marang kelakuan kang becik marang andhahane.
-Pali marma tegese sugih pangapura, ora seneng nibakake paukuman marang andhahane.
-Mulat tegese ora worsuh paminta prataning kaparyan, sarta tansah waspada sakabehing tumindak.
-Miluta tegese angraket utawa raket marang andhahane
-Milala tegese seneng peparing marang andhahane, ora malah kosok baline.
Ya pancen pratama iku kang anjalari bisa nukulake kawibawan pemimpin,
Wibawa werdine :
Wi : yaiku luhur utawa linuwih
Bawa : yaiku laku utawa lampah
Thukuling wibawa Manawa handuweni watak budi kang luhur.
Tuladha ingkang arupi Gancaran:
- Tatas, titis, tetes, mentes, putus pangandikanipun bapak……. Minangka talang basa saking pamengku gati sekaliyan, hangaturaken pambagyaharja dhumateng sagunging para tamu.
- Wijang, gamlang cetha ngegla, terang terwaca, tumata datan tumpangsuh ing wacana rumentahing aturipun bpk……..
- Pranyata panjenengaipun bapak………………… kalebet ewoning sujanma ingkang hambeg, sura, sudira, susila hanoraga, sanityasa bangkit amikatsih, amiluta sagung para tamu ing samdyaning sasana wiwaha.
- Cekak aos, nanging murakabi, handayani.
- Reep sidhem premanem tan ana sabawa ing sajroning sasana pahargyan.
- Kandhes, mandhes raos trenyuh campur raos bombong, suka amarwata suta risang pengantin kekalih, ingkang tansah areruntungan karonsih, cinaket mring Gusti Ingkang Maha Asih.
- Brol…..luhnya marawayan ing saranduning angga, anelesi busanane miwah saranduning sarira.
- Raket, supeket, keket nggenya kekanthen asta.
- Ing lair angudi kardi, jroning bathin angesthi Gusti.
- Bandha, mulya, kuwasa, wirya, harta, wasis bisa akarya lali ing purwaduksina, mendem, kerem, katrem, merem, salin salaga, linggar saking budi utama, mula prayoga den ngati-ati, sinartan rasa eneng, ening, eling lawan waspada.
- Datan tumpangsuh idheping tekad, gumolong geleng ing driya satemah kadumugen ing sedyanira nggenya arsa anjejegaken balewisma, nyatangi baitaning bebrayan kulawarga.
- Gumun setaun, njebleng sarendheng, gawok sagunging para tamu dupi mulat marang risang penganten sekaliyan ingkang nembe kewala manjing sajroning sasana wiwaha.
- Sanadyan asipat wanodya, nanging datan krubyuk kabyatan pinjung.
- Panjenenganipun bapak………… arsa mastuti dhawuhing para wredha, mired ambenging jgad, angregem gangsal pambegan, anenggih :
Tegesipun : hamong, inggih punika hambeging surya, amargi kahananing suya punika tansah angen angulataken ing dumados tumprapipun dhateng pambegan emut, dados mboten kasamaran.
- Hamrat
Tegesipun : Inggih punika hambeging bumi, amargi kahananing bumi tansah ngembat ambobot ing dumadi, tuprapipun dhateng pembegan, mantep dumununging jatmikaning sarira.
- Kamrat
Tegesipun : Kamot, inggih punika hambeging angin, amargi khananing angin, tansah kamot ing dumadi, tumrapipun dhateng pembega, temen, dumununging waonten aringing napas, dados mboten ndleya.
- Mawrat
Tegesipun : Momot, inggih punika hambeging saganten, amargi saganten tansah tadhah tumandho sasarahing dumadi, tumprapipun dhateng pambegan sabar, dumununging wonten ing mareming raos.
- Makyat
Tegesipun : Mengku, inggih punika hambeging langit, amargi kahananing langit tansah ngaubi ing dumadi, tuprapipun dhateng pambegan, santosa, dumunungipun wonten ing sarehing karsa.
- Penganten priya bosa angayomin angayemi, lan angayani.
- Sukor bage kalamun pengantin priya bisa anindakake, guna, kaya lan sura.
Guna : Sugih kabisan
Kaya : Bisa ntetokake asil
Sura : Wani, kendel.
Kabeh kekarepan kuwi bisa kaleksanan, jer linambaran, kaya piwulange Prabu Rama karo Hanoman :
“ Sapa wani ing gampang, wedi ing kewuh, samubarang nora bakal bisa kelakon..!”
- Dene pengantin putrid mugi-mugi dadosa mustkaning gemi, nastiti lan ngati-ati
Gemi : Ora gelem ngetokake waragat kang ora perlu.
Nastiti : Weruh ing pitung ora gampang keblituk.
Ngati – ati : Bisa ngurmati marang gunakayaning laki.
- Sukor bage kalamun pengantin putri tansah rigen, mugen lan tegen..
Rigen : bisa nata amrih tata lan prayuga.
Mugen : Manut sapakon, nora rongeh.
Tegen : Teteg lan tawaqal.
- Lan tansah marsudi marang watak kang tetelu, yaiku ririh, rereh lan ruruh.
Ririh : sarwa sareh ing solah bawane.
Rereh : sabar.
Ruruh : jatmika utawa anteng.
- Panca utamaning gesang abalewisma, yaiku :
- Kahartan tegese sugih rejeki
- Kawiryan tegese kadrajatan
- Kayuswan tegese dawa umure
- Kawibawan tegese nduwe watak budi kang luhur
- Nisthapapa tegese laku iku wekasane bakal ngunduh papa
- Dorasangsara tegese laku goroh iku wekasane bakal sangsara
- Dhustalara tegese laku dhusta bakal nemu lara
- Niayalara tegese laku niaya bakal nemu pati
- Layap liyep ingaluyup
Layap : laku
Liyep : lerem
Luyup : ilang
- Hurip iki hurup, si hurup aweh pepadhang.
Dadi jejering wong urip iku sejatine kudu bsa tansah aweh pepadhang, sing awujud dharma bakti lan ngamal saleh, marang sapa wae kang lagi nandhang pepeteng kanthi ikhlasing ati. Dadi menawa hurip ora bisa aweh pepadhang iku tegese mati.
- Khayu, khayat lan khayun
Khayu : urip
Khayat : anguripi
Khayun : kang den uripi
- Sarengat, tarekat, khakekat lan makripat,
Sarengat : laku lampah
Tarekat : margi
Khakekat : yekti utawa bener
Makrifat : waskita utawa wis bisa mangerteni lan hameruhi kang sejatine
- Panca karma, yaiku makartining sir, cipta, budi, karsa lan rasa
- Tri pakarsa kang tan kena den endhani sarta tansah sumandhang mring manungsa ing ratri myang rahina, yaiku :
- Dadi pemimpin utawa pangarsa iku perlu handuweni : panca pratama yaiku : pali darma, pali marma, mulat, miluta lan milala.

0 komentar: